JUTAAN . INGKUNG...! IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID... - PACITANPOST

Rabu, 27 April 2022

JUTAAN . INGKUNG...! IRINGI KATAMAN QUR'AN SABEN MASJID...

Tradisi sodaqah ingkung warnai kataman Qur'an santri santri Masjid Al Hidayah Kedawung Mentoro Pacitan.

Pacitan, 26.04.022.
Nek digunggung kabeh mungkin , jutaan ingkung sak indonesia  ngiringi tradisi kataman Qur'an saben mejid ning Indonesia.

Tradisi sodaqah sing digagas para Wali lan kiai nganti abad 21 isih diuri uri para santri , utamane santri santri tanah jawa.

Sekalipun ning tuntunan soal ,, ingkungan ,,  saben kataman qur'an  ora enek aturane  , tapi tradisi sadaqah dianjurkan marang agama islam.

Kanggo sing katam ngaji , ingkungan merupakan bentuk  tasyakuran marang gusti Allah merga wis diparingi ilmu iso ngaji tutuk  30 juz.

Miturut H.Prayitno  , sing paling penting nek wis bar katam Qur'an  kudu ngerti opo sing diwoco / dipelajari sakjrone kitab suci banjur diamalke saben dinane',ojo mung katam tok , jare H.Prayitno sing bengi kui menehi ceramah bab Nuzulul Qur'an ana Masjid Al Hidayah Mentoro.

Malah miturut Presiden Republik Indonesia ke 4 H.Abdurrahman Wahid ( Gusdur)  naliko isih sugeng pernah  ngomong ,, Tradisi Ingkungan sasi siam,, merupakan Tradisi Sodaqah paling fenomenal umat islam Indonesia sing perlu diconto umat islam dunia.

Ingkungan tradisi Positif sing perlu dilestarikan , entuk ilmu sing bermanfaat srana tutuk ngaji Qur'an , blajar bersyukur marang gusti kang akarya jagad srana sadaqah marang wong liyo.....( Gustik)

BEBEK GUSTIK MEMANG TIADA TARA LEZATNYA..HANYA ADA DI RESTO TIRTO WENING MENTORO...IKLAN MANEH...










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda