SEKWAN ANYAR DPRD..BEDAH TRADISI NGUPING...! - PACITANPOST

Senin, 11 April 2022

SEKWAN ANYAR DPRD..BEDAH TRADISI NGUPING...!

 Didik Alih Prabowo Sekwan DPRD Pacitan

Pacitan Ppos .12.04.022.
Suasana DPRD Pacitan saiki enek sing beda dibanding tahun tahun kepungkur , terutama Pasca pergantian Sekwan.

Nek jaman ndisik , Sekwan arang mubeng lan  melu nglemprot ning Fraksi utawa komisi , Sekwan saiki sing dicekel Didik Alih Prabowo melu gelem lungguh ana ruang Fraksi utawa Komisi.

Didik Alih ngomong , basic'ku  wong lapangan mas , nek kon lungguh ning kursi terus aku ora isa .

Paling tidak , nek aku sering melu lungguh lan ngobrol karo konco konco anggota mbuh kui ning ruang Fraksi / komisi ,, minimal ,, aku dadi weruh kebutuhan lan keluhan konco konco anggota DPRD.

Mantan Kepala BPBD Pacitan iku uga nambah ake , Tugas Sekretaris DPRD melayani Anggota DPRD   terkait administrasi ,anggaran lan kegiatan anggota , mulo butuh cedak ! Jare Didik mesam mesem.

Soal hubungan karo pihak eksternal terutama Media, Didik ngomong  arep luwih terbuka lan luwes .

Wartawan ora perlu diwedeni, tapi perlu dibangun komunikasi sing apik lan harmonis .
Bupati , DPRD lan Para Pejabat , tanpa kehadiran Wartawan ( ibarat ) omah mati lampune' ...hem ( Gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda