ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR... - PACITANPOST

Rabu, 18 Mei 2022

ANCAMAN TURMUDI TERBUKTI AMPUH ATASI KARCIS BOCOR...

Kepala Dinas Pariwisata Turmudi ancam pelaku kebocoran karcis wisata.

Pacitan Post.18.05.022.
Ancaman kepala Dinas Pariwisata sing anyar Turmudi  ,, terkait ,,dugaan kebocoran karcis saben musim liburan terbukti ampuh.

Sak durunge lebaran pancen Turmudi wanti wanti karo petugas lokasi Wisata ojo nganti ana istilah  ,, panen ,, ngentit duit karcis wisatawan , sebab ngentit duit karcisan podo karo korupsi sing iso dipidana.

Turmudi  ora ragu  sopo wae sing ketahuan ngentit  duit karcisan bakal dilaporke penegak hukum , jare Turmudi wektu ditemoni ning kantore sak durunge lebaran.

Alhamdulillah pendapatan Retribusi libur lebaran tahun 2022 iki meningkat tajam sesui target Dinas Pariwisata , disamping pengunjung meningkat drastis,  secara  administrasi pengelolaan Tempat wisata wis ketok rapih , ora koyo biasane.

Mantan kepala LPSE Pemkab Pacitan iku ngaku bangga instruksine di turuti anak buahe utamane petugas lapangan lokasi wisata , wis marem aku cah cah wis ana perubahan sikap terkait pengelolaan pendapatan retribusi wisata.Saiki iso diarani luwih rapi ,luwih transparan lan luwih produktif.

Perlu dimangerteni , dugaan kebocoran retribusi tempat wisata Pacitan wis dadi rerasan umum , bahkan dugaan kebocoran pendapatan Retribusi Tempat Wisata ana Pacitan  sak durunge pandemi pernah disoal DPRD.

Wektu kui  Rudi Hartoyo saka Komisi IV Terang terangan njaluk marang Bupati Pacitan iso atasi dugaan bocore retribusi kabeh Tempat Wisata , tulung pak Bupati bab iki  pancen ora ketok ujud'e ning krasa ambune , jare Kader Hanura wektu kui.

Usul Rudi Hartoyo ora let suwe, direspon Bupati  , salah sijining tempat wisata ditukokne CCTV sing iso dipantau saka Hp ne Kadis Pariwisata bahkan hp ne Bupati.
Harapane kanggo ngurangi karcis bocor .

Sayang Turmudi ora bloko , tahun iki pirang persen kenaikan pendapatan retribusi lokasi wisata dibanding 3 tahun kepungkur sak durunge pandemi.

Turmudi muk njawab pokoke meningkat , aku lali jumlahe piro piro , sik tak tekokne bocah bocah , ditunggu sawetoro wektu wartawan urung entuk kabar mergo hapene Turmudi mati alias tulalit...( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda