Bale' Wartawan soyo Suwe' ...Soyo Ora Jelas ! - PACITANPOST

Jumat, 27 Mei 2022

Bale' Wartawan soyo Suwe' ...Soyo Ora Jelas !



Pacitan Ppos.29.05.022.
Rikala  PeringatanHari pers tahun 2021 sing dipusatne ana Pendopo Punung ,  Wartawan  sempat  njaluk panggon ( Ruangan ) raketang ciut ana sekitar pendopo Pemkab Pacitan , perlune nek enek liputan kegiatan  Bupati ana Pemkab gampang ale  koordinasi lan nyiapne pemberitaan .

Saat iku , penjaluk'e Wartawan langsung direspon positif marang Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji .

Krungu Bupati ngrespon apik , wartawan ale' seneng ora karu karuan , maklum 22 tahun wartawan jaluk Bale'  Wisma ora nate digembes marang Bupati sopo wae' sak durunge Indrata Nur Bayu Aji.
 
Sayang !  Janji Bupati Aji pun nganti dino iki ora enek kabul wusanane' , sempat Sekda Heru omong yen lagi miling miling panggonan sing cocok, tapi nganti seprene yo ora jelas.

Sakjane saat pergantian Kadinas kominfo sing saiki dicekel Bambang Mahendrawan ,insan Pers rada enek harapan , tapi ternyata Mahendrapun ora berkutik, ..blas ketepas malah ora nyender pisan.

Ndelok kabeh pejabat mlintar mlintir terkait penjaluk'e wartawan , iki dino Wartawan pasrah ,  arep diwenehi monggo ora monggo , ijik enek warunge mukidi. jare agus guya guyu..

Wartawan senior Grindulu FM  ( ASRI) sing sempat usul njaluk sekitar ULP , uga wis ora mikir bab Bale' Wartawan , toh sakjane iki kabeh kanggo keperluan Pemkab Pacitan dewe , wis mas rasah mikir Bale Wismo ritek saiki , malah muk ndadekne' pegel wae., Jare Asri ambek ngedumel.

Sementara Sekda Pacitan Heru Wiwoho , ngaku ijik golek panggon sing cocok , nanging urung nemu , ning endi yo kiro kiro , jare Sekda  saat ketemu ning ruang Kadinas kominfo.

Sabar sabar , aku yo jik blajar dadi kepala Dinas , jare Mahendra sing diangkat kadinas kominfo 2 sasi ngganteni Rahmat Dwiyanto sing seda seminggu sak bare dilantik kepala Perpus ..( gustik)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda