DIREKTUR PDP AJAK CAH PACITAN MLEBU KULIAH PELAYARAN - PACITANPOST

Jumat, 20 Mei 2022

DIREKTUR PDP AJAK CAH PACITAN MLEBU KULIAH PELAYARAN

Djamaludin Malik Direktur PDP Univ Hang Tuah Ajak siswa Pacitan kuliah Pelayaran.

Pacitan Ppos 21.05.022.
Kol Pur.Djamaludin Malik.SE.M.AP.ANT-II sing akrab diceluk Lilik wektu iki njabat Direktur Program Diploma Pelayaran Universitas Hang Tuah Surabaya.

Mantan alumni SMAN I Pacitan tahun 1980 asli  Dusun Pager - Desa Arjowinangun iki woro woro menyang siswa siswa Pacitan mlebu menyang Universitas Hang Tuah Surabaya  ( khususe) Program Diploma Pelayaran.

Lilik duwe alesan  khusus bab ajak ajak bocah Pacitan kuliah Pelayaran  Program Diploma ana Universitas Hang Tuah Surabaya.

Ping Pisan.
Merga Daerah Pacitan duwe Laut sing ombo tapi ora duwe bocah enom sing seneng dadi Pelaut.

Ping Pindo 
Potensi Pelabuhan Pacitan seiring perkembangan jaman dituntut tenaga tenaga trampil  ilmu management pelayaran lan Pelabuhan Modern.
Terkait hal iki, tenaga tenaga pelayaran lan pelabuhan Pacitan mayoritas ijik diisi tenaga tenaga saka luar kota.

Ping Telu.
Lilik Prihatin kawit jaman kawak udo, mayoritas Nelayan Pacitan ijik seneng melaut karo prahu tradisional sing hasil tangkapan iwak'e isih  ketinggalan adoh karo kapal kapal semi Modern sing saiki mayoritas duwek'e wong luar kota.

Situasi Pelabuhan Tradisional Pacitan,wong Pacitan asli isane muk ndelok saka njobo tenaga tenaga handal luar kota.

Miturut Lilik '  ( Mantan Capten Capal Angkatan Laut RI ) iki merga ora ana generasi muda / bocah enom Pacitan sing seneng teknik Perkapalan , kelautan lan Pelayaran , akibate perairan Pacitan ( dengan segala Potensinya) dikuasai wong njobo kutho , sedang wong Pacitan dewe muk ndelok saka njobo  ngaplo ora entuk opo opo.

Telung perkara ana duwur iki  maeng ndadekne Kol Pur.Djamaludin Malik prihatin , mumpung aku isih iso nulung generasi muda Pacitan Ayo pada kuliah Pelayaran kanggo bangun Pacitan luwih maju, utamane bab laut Pacitan sing sarat potensi.

Mantan  anggota Jambore Sibolangit iki uga njaluk marang kabeh wong tua /wali murid menehi pengertian putra putrine kuliah ana  Program Diploma Pelayaran Universitas Hang Tuah Surabaya , monggo demi kemajuan Pacitan  dipun dorong ! Pinta  Lilik....( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda