dr WIGUNG WO TOP ASLI PACITAN TANGANI ADIK JOKOWI NIKAH SESUK. - PACITANPOST

Rabu, 25 Mei 2022

dr WIGUNG WO TOP ASLI PACITAN TANGANI ADIK JOKOWI NIKAH SESUK.

dr Wigung Wiratsangka & Istri Artis Sinetron FTV - SCTV.

Pacitan Post.
Jarang sing ngerti , nek dr Wigung Wiratsangka  pemilik ( WO)  Wedding Organiser Top sak Indonesia   Asli Pacitan.

dr Wigung asli Desa Ploso  Pacitan putro pasangan alm Bapak Sutrisno - Wawuk tokoh dunia pewayangan terkenal   Pacitan.

Istri  dr Wigung Wiratsangka (Dani)  sekaligus Owner Wedding Organizer Pengantin Production ternyata  Artis Sinetron Jebolan FTV - SCTV sing tayang tahun 2017- 2018.

Perlu dimangerteni , Pengantin Production WO milik pasangan dr Wigung lan istri iki sak Indonesia Paling Sukses lan Paling Top , merga sering nangani Pejabat Tinggi duwe gawe / utamane kawinan.

Ora mung Pejabat tinggi Indonesia , Keluarga Kraton Jogjakarta seolah wis dadi keluargane , merga saking seringe nganggo jasa Wedding Pengantin Production milik Wigung.

idayati adik Jokowi , calon suami  Anwar Usman lan Dani Wigung.

Ora tanggung tanggung ,pernikahan adik Presiden Jokowi sesuk esuk ning Solopun jasa Wedding'e nganggo Pengantin Production ,  milik Wigung sing ditangani Dani bojone .

Bayangno Pernikahan Adik Presiden sesuk tamune ora gemen gemen , kejaba Wakil Presiden Ma'ruf Amin yo diundang , uga meh kabeh pejabat Tinggi Negara teka.

Biasane kabeh urusan Managemen pernikahan ditangani Bojone Wigung ( Dani) sedang Wigung dewe bertindak sebagai MC bahasa jawa Tradisional.

Perlu dimangerteni , dr Wigung  saking larise Jasa  ( WO)  praktis Ilmu kedokterane ora dienggo , putro mbarep pemeran Gatutkoco iki sing  akeh berkiprah dibidang seni, klebu seni Pedalangan .

Buah ceblok ora adoh saka uwite , Bakat seni Wigung , nurun saka bapak ibune sing selama uripe berkiprah ning dunia Pewayangan.

Biasane pak Tris  dadi pemeran Gatutkoco sedang  Ibune  ( Wawuk) dadi Arjuno utowo Srikandi , termasuk Nyinden , dadi praktis , Wigung  iso diarani total anak Panggung kawit bayi cenge`r.
( Gustik)

Bebek Tulang Lunak Gustik terkenal nikmat dan renyah , tidak satupun lidah pelanggan yang dikecewakan....kunjungi Resto Tirto Wening Mentoro Pacitan.


 .




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda