GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN. - PACITANPOST

Kamis, 19 Mei 2022

GARA GARA TOLAK UAS .SINGAPURA DIKUYO KUYO NITIZEN.


Pacitan post.19.05.022.
Gara gara tolak ustad Abdul Somad Batubara , iki dina negara Singapura dibully entek entek'an nitizen Indonesia.

Negara singapura sing jembare separo kota pacitan mungkin  ora ngira babar blas yen bakal ngrasakne bullyan sangar nitizen indonesia sing terkenal ora tedeng aling aling.

Nitizen omong singapura negeri pelingdung koruptor , singapura antek Israil , Singapura islamobia, Dubes arep diusir lan  hujatan werna werna liyane,klebu arep didemo P12.

Sing miris , nitizen wis mulai ngajak warga ( utamane umat islam)  boikot lunga menyang singapura , timbang duit dilebar nggo mlaku mlaku menyang singapur , mending ngggo infak masjid , jare nitizen Indonesia sewot 

Perlu dimangerteni, UAS , bojo  lan konco koncone arep lungo nyang singapur sekedar mlaku mlaku / vacancy.

Ustad Abdul Somad budal saka Batam numpak prahu  pinuju pelabuhan  tanah merah singapura , tapi sayang ! Lagi medun saka prahu UAS diintrograsi macem macem sing ora jelas.

Urung nganti bar ale investigasi petugas imigrasi , buru buru UAS lan rombongan dibalekne menyang Indonesia (  srana) numpak prahu maneh menyang Batam.

Esuk'e kabar UAS ditolak mlebu singapura rame dibahas secara nasional , sing paling parah ( ulah buzzer buzzer pengemis) sing seolah olah justru bela keputusan Singapur.

Iso ditebak '  akhire Rakyat Indonesia terbelah nanggapi penolakan UAS , enek sing pro lan sing kontra ,   kata kata kadrun lan cebong pun muncul.

Singapura sing sak durunge entuk berbagai pujian rakyat Indonesia, saiki gara gara UAS , kredibilitas negara mini Singapura diodel odel borok 'e nyang rakyat indonesia, khususe umat islam Indonesia pecinta UAS....( Gustik)
Timbang duit dilebar nggo dolan dolan sing ora migunani mending nggo madang lawuh Bebek gustik sing rasane nikmat sak donyo





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda