IDI PACITAN SOLID , ORA PENGARUH IDI TANDINGAN. - PACITANPOST

Selasa, 31 Mei 2022

IDI PACITAN SOLID , ORA PENGARUH IDI TANDINGAN.

IDI Pacitan ngenekne Bhakti sosial donor darah .

Pacitan 31.05.022.
Masiho Ikatan Dokter Indonesia ( IDI ) Pusat digoncang perpecahan , tapi IDI Pacitan sing jumlahe 129 dokter tetep solid .

Menurut Ketua IDI Pacitan dr  Azhar Nur Fathoni THT,  IDI tandingan sing saiki gawe jeneng PDSI  muk enek ning Pusat sementara ning daerah  koyo Pacitan ora / urung enek , Pacitan insya Allah aman jare dokter sing akrab diceluk Toni iki.

Terkait Hari Bhakti Dokter kaping 114 sing awan iki (31/05)  dipusatke ana kantor IDI Jl Kartini
No 2 Pacitan , Putra Kesayangan Pelangi Group iki ngomong  yen Hari Bhakti Dokter  tahun 2022  rutin ngenekne kegiatan  bakti sosial arupa Donor Darah , adum sembako lan  pelatihan edukasi Kesehatan ana salah sijining  sekolah Desar Pacitan , Alhamdulillah kabeh sukses , imbuh Tony .
dr.Tony  ning kantor IDI Pacitan Jl Kartini

IDI Pacitan uga  pesen marang warga Pacitan kabeh , senajan hibauan pak Presiden Joko Widodo wis oleh cupot masker  tapi IDI Pacitan  tetep nganjurke nganggo masker , merga sing jenenge virus iku ora ketok tekane' , virus opo wae ,jare Toni  sing sekaligus Owner Klinik Pelangi Husada Pacitan.

Sementara wakil Ketua IDI Pacitan  dokter Djohan  TP mendukung sikap ketua IDI Pacitan sing nganjurke masyarakat tetep nganggo masker , sebab budaya urip sehat iku ora muk pola mangan  lan cuci tangan , tapi tindakan prefentif mencegah virus / mengindari penyakit  menular iku uga luwih apik,  ungkap Djohan.

Disinggung hubungane IDI karo pemerintah Pacitan ,  Dokter sing uga Njabat Wakil Ketua Koni Pacitan iku ngomong yen selama iki mlaku apik , Pemkab Pacitan selalu dukung program program / kegiatan  IDI , klebu kegiatan Darma Bhakti Dokter Indonesia kaping 114 dina iki sing nglibatne masyarakat akeh.

Bupat Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , mengapresiasi kegiatan IDI Pacitan sing mengekne Bhakti Sosial Dokter kanggo kepentingan warga , sekalipun kabeh  srana  terbatas merga keadaan , tapi kegiatan mulia iku perlu dicontoh organiaasi liya....( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda