IJIN MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ? - PACITANPOST

Jumat, 13 Mei 2022

IJIN MINI MARKET PACITAN LOLOS KPK ?


PacitanPost, 14.05.022.
Gara gara penerbit ijin prinsip  mini Market kota Ambon dicokok KPK ,  ( klebu ) Walikota Ambon Richard Leohupency sing saiki ditahan KPK diperkirakan ora suwe bakal mrembet nyang daerah liyo , klebu Pacitan.

Nek didelok saka fakta lapangan, ijin Prinsip Mini Market ana Pacitan klebu ugal ugalan , bayangno !  Ibarat saben jangkah toko/ mini market Pacitan  enek,  bahkan enek sing ngadeg ana  arep pasar tradisional Arjowinangun .

Didelok saka  fakta lapangan , pejabat Pacitan jaman ndisik klebu Pejabat sing iso diarani pejabat sing ora duwe ati lan kawelasan karo pedagang  cilik , mini market pating tlecek ngadeg ana sudut sudut kota Pacitan.

Sing pasti ! Ijin prinsip mini market ana daerah ambon terjadi suap menyuap sing nglibatkne Wali Kota, pegawai Mini Market lan pejabat liyane kota Ambon.
Duit sing terkumpul berkisar 500 jt  kanggo penerbitan ijin prinsip 20 gerai mini market ( 25 jt / satu ijin  mini market).

Soal ning Pacitan enek suap menyuap terkait penerbitan ijin Mini Market, kui pinter pintere aparat penegak hukum , aku mendukung pacitan di selidiki , jare Pait pedagang  tradisional Pasar Arjowinangun.

Jane kawit ndisik aku wis protes, tapi kepiye maneh , wong tuaku duwe toko klontong, engko gek dikiro wedi saingan, jare Bibit .

Bibit paham  , dunia usaha bebas tapi kudu diatur jarak'e  ojo mepet mepet antara siji lan sijine ,  dadi ora terkesan waralaba sekelas nasional iku arep mateni pedagang cilik , iki saben rong jangkah mini market ...repot nek ngene'....( Gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda