SAKING AKEHE WONG , MANGAN GRATIS KARO SBY .AKEH SING NGAPLO ORA KEBAGIAN.... - PACITANPOST

Kamis, 19 Mei 2022

SAKING AKEHE WONG , MANGAN GRATIS KARO SBY .AKEH SING NGAPLO ORA KEBAGIAN....

           Musium dan Galery SBY-Ani.
Pacitan Post, 20-05.022.
 Bukti SBY  ijik disenengi  mayoritas warga Pacitan , saben saben kundur  ana kampung halaman   mesti dadi perhatian masyarakat.

Persasat ..! saben obahe Rombongan SBY ana Pacitan akeh warga sing pingin ngerti lan pingin nyedak.
Sayang aturan penjagaan  Presiden Republik Indonesia ke 6 iku isih ketat .

Mungkin ' seolah ngerti  warga Pacitan pingin nyedak  kadang   beliau SBY sering gawe acara sing terbuka secara umum , misale  nglukis  massal karo siswa ana Pancer door , main Volly  uga klebu acara mangan gratis bareng SBY ana pasar minulyo rong dina kepungkur.

Sayang 'saking akehe wong teka ana pasar Minulyo , panganan sing disiapke pedagang  ludes  sak durunge jam 20.00 wib ,bahkan sak durunge SBY teka ana Pasar Minulyo panganan wis gamit/ ludes.

Miturut ( STR)  salah sijining pedagang Pasar Munulyo , warga teka kawit sore sak durunge magrib , saking ora kanten pingin mangan gratis  bareng SBY warga langsung nyerbu pedagang sing nyiapne panganan sanadzan  SBY urung rawuh ana Pasar Minulyo.

SBY rawuh sekitar jam pitu bengi , gandeng panganan wis entek , tim SBY njaluk tambah  porsi , sayang bakule ora sanggup merga bahan bahane wis entek.

Sukardi  ( pengunjung ) rumangsa gelo ora kebagian panganan , enek tapi wis ora gratis , jare zukardi nerokne bakul pasar minulyo.

Acara soyo suwe soyo semrawut merga soyo bengi akeh warga sing lagi teka tapi panganan gratis wis ludes , tak urung akeh warga sing grundel muni muni ora karu karuan..

Untung kecintaan warga Pacitan marang figur SBY gede, persoalan kentek'an panganan ora ndadekne polemik sing gede, warga sadar SBY ora salah , sing salah pantia lokal sing ora iso ngantisipasi bludak'e pengunjung.

Jare Bambang !  Sing ora godak panitia lokal sing ora iso antisipasi keadaan ,  panitia uga dinilai  ora peka pisykologi warga Pacitan ,, setiap krungu opo wae sing bersifat gratis ,, warga mesti mbludak, iku sing sering ora dipahami Panitia , jare Tokoh seni Bela Diri Pacitan ana warung Sri Mukidi...

Sementara Bupati Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji  sing  uga keponakan SBY  klebu penanggung jawab lokal sing urung paham situasi , mungkin Bupati anyar  ijik bingungan ....timpal Cahyo pengunjung sing ora keduman panganan  ( Gustik)

Bebek Sinjai Tirto Wening memang nikmat , ora koyo bebek liyane ...Bebek Gustik lain dari pada yang lain,nikmat dan gurih...






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda