SISWA SMP 4 TEWAS KETABRAK DUM TRUCK NING DESA PURWOREJO MANEH, MERGA ANGKER....? - PACITANPOST

Selasa, 24 Mei 2022

SISWA SMP 4 TEWAS KETABRAK DUM TRUCK NING DESA PURWOREJO MANEH, MERGA ANGKER....?


Pacitan Post.24.05.022.
Tabrakan maut kedadean maneh ana desa Purworejo , dina iki sekitar jam lima sore ( 24/05) ning arep lapangan Desa Purworejo Pacitan.

Menurut saksi mata , korban Djihan Fahmi Azzahra  ( 15 ) boncengan karo Fayakun Nisa saka arah omahe Desa Banjarsari Pacitan.

    Sepeda motor korban  

Kocapo pas teko ngarep lapangan Purworejo    ( korban)  aruh aruh koncone sing lagi ana lapangan Purworejo , diduga  pas aruh aruh ale nyetir sepeda montor   ora terkontrol,  mungkin  rada nengah nengah , kebetulan pas lewat mobil dum truck  saka arah kidul sing disopiri  ( Andi Haing) warga Nglebengan dusun Duduhan Desa Mentoro Pacitan.

Akhire tabrakan maut ora iso dihindari , sing nyebabne  putri bpk Ramang  Djihan Fahmi Azzahra siswi SMP 4 pacitan meninggal  , jare Polisi korban meninggal pas perjalanan nang Rumah Sakit.

Informasi sementara sing meninggal  sing bonceng  (nyetir / Djihan )  , sementara fayakun Nisa sing dibonceng ,tapi uga enek sing crito nek sing dibonceng Djihan .

Sementara  Fayakun digawa ning Rumah Sakit Pacitan merga  terluka parah.

Foto Tabrakan di Purworejo Pacitan sebabkan siswi SMP 4 tewas.

Saiki kasus tabrakan maut ana Purworejo wis ditangani polisi Polres Pacitan , klebu sopir dUm Truk ( Andi Haing ) di proses sesuai aturan , kabeh diproses sesuai aturan sing berlaku , jare khalik .

Terkait anane tabrakan maut ana desa Purworejo sing sering terjadi , memang dalan Purworejo - Pagotan Arjosari klebu dalan ciut  tapi rada  sepi  lalu lintas , nek ora ati ati  justru sliringan / papasan mobil kadang mak tongol  ndadak,akhire tabrakan.

      Mobil Dum Truck sing disopiri ( And )

Tapi enek kabar mistik , sepanjang dalan Purworejo terkenal angker , sering wong liwat sok kobeng , utawa keganggu makluk liyo, iku muk dongengan wong ndisik , ora perlu dipercaya .

Sing jelas ana sing weruh / mbuh bener mbuh ora , bocah loro sing tabrakan maeng sore , ora perkara bab gaib , tapi jare wong  sing ngerti ning cedak lapangan , kejobo arub aruh koncone , ale  numpak sepeda motor karo  dolanan Hp...( Gustik)

almarhum Djihan Fahmi Azzahra korban tabrakan Desa Purworejo


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda