DITINGGAL TURU SEDILIT ..JEBUL WIS MLOROT ADOH. - PACITANPOST

Minggu, 26 Juni 2022

DITINGGAL TURU SEDILIT ..JEBUL WIS MLOROT ADOH.

Kontingen Pacitan ketika minta doa restu ke SBY.

Pacitan Post.28.06.022.
Wong nek ra mudeng perkembangan olah raga (khususe') ana Pacitan , mesti kaget ndelok perolehan Medali ana even Porprof Jember tahun 2022.

Lagi wingi esuk, warga Pacitan rame lan bangga  ndelok  berita media sosial , ana group WA WA  , yen ngabarke Posisi  Kontingen Pacitan ana gelaran Porprov Jember  mlebu Peringkat 2 sak bare Suroboyo.

Ibarat lap...! ditinggal turu sedilit ...ujug ujug ..Posisi kontingen Pacitan wis kesalip Kota Pasuruan lan kota kota liyane' , jare yu Tumiyem kok adoh men mlorote kontingen pacitan Cak'

Kagete'yu Tumiyem,  ibarat mewakili kagete wong Pacitan sing ora ngerti perkembangan Dunia Olah Raga ana Pacitan , mulo mengko nek enek berita pating sliwer ana Medsos sing rada gatelke' kuping , kabeh kudu maklum , utamane pengurus Koni Pacitan sing lagi thimik thimik ngurus olah Raga.

Saiki sing penting , piye carane pembinaan atlit Pacitan   tahun per tahun soyo apik , soyo berprestasi lan soyo ngremboko.

Gelaran even Porprov  jember tahun 2022 kanggo edukasi , sak ora orane warga Pacitan ben rada melek perkembangan olah raga ana Pacitan, syukur kabeh melu gembregah nyengkuyung  atlit atlit Pacitan menuju Prestasi sing luwih apik.

Pelajaran Koni Pacitan sing keteteran bab anggaran , kudu ndadekne cermin yen dunia olah raga iku butuh ragat akeh , suk maneh ojo nganti krungu enek atlit melu Porprov ragat dewe !.nganti dodol pit motor..! Umpamane'.

Pemkab Pacitan lan Dewan , soal Olah Raga yo  ojo nemen nemen olehmu  cuek , ojo muk ubeg ropat repet tapi sing dibahas ora produktif kanggo masyarakat luas.

Perlu dimangerteni  , Prestasi Olah Raga iso gawe kabeh warga bangga , iso gawe Sebuah Kota  dadi terkenal lan iso gawe Negara dihargai dimata dunia.

Conto nyata, Atlit dunia angkat Wesi  Remaja Luluk Diana , merga prestasine warga Pacitan ana papan ngendi wae rumangsa bangga , kota Pacitan sing terkenal miskin dadi diregani karo kota liyane.termasuk  Indonesia ! iso uga dadi terkenal muk gara gara seorang Luluk saka pacitan.

Sak jane nek soal Prestasi enek siji maneh sing iso dibanggakne secara Nasional maupun Internasional , yo kui Olah Raga Balap Kuda , sayang olah raga balap kuda sing  njukuk base Came/kandang ana pesisir Pacitan malah diaku daerah jawa Barat.

Kuda Kuda King Halin Stable dan Joky Nasional Kilat.

Perlu dimangerteni ana Pesisir Pacitan, wis puluhan tahun  dienggo Base Cam Kuda Balap Top Dunia, yo kui ,, King Halim Stabel  ,, Jaran jaran King Halim saben balap Nasional ,,  Pasti  ,, wis ora enek tandinge'.

Kejaba saka iku , King Halim Stable sing ana Pacitan duwe Joky Jaran sing jenenge KILAT , merupakan Joky Kuda No 1 Nasional.

Sayang' gara gara komunikasi sing kurang apik antar Pordasi , King Halim Stable malah gabung karo kontingen Jawa Barat,sekalipun sebagian Jaran Jaran Top King Halim  iki mau sebagian ana Pacitan.

Conto Prestasi King Halim Stable sing tak tulis iki , mengilustrasikan yen Prestasi iku iso diraih sepanjang didukung penuh bab Anggaran,Program,  pelatih lan atlit .

Seorang atlit berbakat , nek ora dilatih wong sing tepak ,mungkin hasile yo ora maksimal.

Seorang Atlit nek Anggaran Pembinaan Cekak yo hasile tetep ora maksimal , sebab seorang atlit membutuhkan Gizi sing apik , Latihan Rutin, Latih tanding Rutin , sarana Prasarana uga memadahi .
Tapi yen anggaran iku cekak , dipastikan Pembinaan Olah Raga ora bakal maju lan maksimal.

Mulo sesuk nek Atlit Atlit Pacitan saka Jember mulih kanthi hasil sing urung maksimal , kabeh ojo cuh cinucuh /saling menyalahkan.

Kabeh instrospeksi , anggaran Pemkab Pacitan sing sak uprit  (ibarat)  dana sing cukup kanggo mbangun MCK 10 , ojo nuntut Prestasi duwur duwur , merga dana porprov sing gedene' muk  1M iku dipastikan terlalu minim dibanding daerah liyo sing rata rata menyentuh angka 5 M.

Semono uga Pengurus Koni Pacitan sing kebetulan anyar , kudu introspeksi diri , ojo sok tukang gembrejeg sing ngentekne enegi , ojo bahas hal hal sing ora perlu.
Terakhir  '  ojo sok menduga duga Pemkab / Bupati iku kurang perhatian.

    Dyah Mentari Putri Ketua Koni Pacitan

Sing Paling Penting ! Gawenen Program sing iso nglairke atlit Juara.
Golek'o pelatih  Atlit sing mumpuni , sing iso nglairke Atlit Juara.
Golek'o Pengurus sing bener bener sing seneng olah raga  lan ojo golek pengurus sing mung dadi beban pengurus lan beban organisasi , sebab ibarat  ,,mlaku,, malah  nyandungi.

Jane kabeh yakin , Koni Pacitan dibawah kendali Dyah Mentari Putri iku ono trontong trontong luwih maju timbang biyen , Sepanjang  ! Cewek Cantik nan Energik kui ora metu saka koridor organisasi Profesional , tetep semangat lan tetep waskita...
( Ditulis oleh gustik wartawan senior , Pemimpin Redaksi Pacitan Post , ka Biro Media Jatim Hari ini .Com sekaligus  pemerhati Olah Raga Pacitan)










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda