NGELUS DADA...MUSIUM GEOPARK MANGKRAK ..KRAK...! - PACITANPOST

Minggu, 12 Juni 2022

NGELUS DADA...MUSIUM GEOPARK MANGKRAK ..KRAK...!


Pacitan Ppos. 14.06.020.
Saben saben liwat Pancer Door , enek salah siji  pemandangan sing cukup memprihatinkan, yo kui Gedung Musium Geopark

Gedung sing dibangun puluhan Milyar nganggo duit Rakyat iki maeng kondisine memprihatinkan , jembrung ( persis ) koyo alas kuburan.

Mungkin wis dadi pakulinan , Pemkab Pacitan saben saben diwenehi gedung apik  lan fasilitas apik  persasat kabeh mangkrak ora  diurus.
Iki dudu foto Kuburan tapi foto taman Geopark  ana Pancer Door..

Misma Atlit.
Contoh kongkrit , Gedung Misma Atlit nganti seprene  yo ora kekurus , Gedung Mewah mburi Kucur sing mestine kanggo Fasilitas Atlit , seolah mung koyo Munumen pinggir  kuburan .

Saking silune / sepine ,  sebagian Warga Pacitan njenengke Gedung Wisma Atlit Kucur iku  Gedung Kandang Setan Pinggir Kuburan.

halaman sisih etan Gedung Geopark pagere' ketutup Suket sak meter.

Terkait Gedung Geopark  Pancer Door , miturut Kepala Dinas Pendidikan Pacitan ir Budiyanto ngomong (  saiki )  yen sesuai Kewenangan iku mlebu Kemenpora Pacitan , iki lagi proses serah terima mas, tegas Mantan Kadinas PU Pacitan.

Ora mung Geopark lan Wisma Atlit , tapi uga enek Gedung Sing luwih memprihatinkan , yo kui Gedung BLK Tamperan Pacitan.

Gedung sing ambane sak.. ho..hah ..lengkap plus berbagai peralatan Siswa , wis pirang pirang tahun nasib'e uga podo karo gedung gedung mangkrak Pacitan liyane:..

Mushala komplek Geo Park wis lumuten  lan kusam.

Sing miris , kabeh Gedung mangkrak ana Kabupaten Pacitan nilai pembangunane  fantastis  banget , miturut analisa kasar LSM Bhineka Bangsa  nilaine sekitar meh 1 trilyun , rata rata bantuan Pemerintah Pusat lan Propinsi.

Biasane alasan klasik  pemerintah Kabupaten Pacitan , Penyerahan gedung saka pemberi dana TERLAMBAT utawa DANA PEMELIHARAAN ORA ENEK.

Ora mung gedung gedung sing dibiayai Pemerintah Pusat sing mangkrak , Gedung gedung milik Daerahpun uga akeh sing mangkrak , minimal ora difungsikan.

Miturut pengamatan Media meh ana sekitar selusin Gedung sing ora pati berfungsi  alias ora dinggoni.

Koyo to ,  bekas Gedung Ciptakarya Sidoharjo, Bekas Gedung PU Jl Dewi Sartika , bekas Gedung Diknas Baleharjo , Gedung / ruang ULP , Gedung Diknas Punung , Gedung BUMD aneka Usaha , Gedung Dinkes lama, bekas Gedung Perindustrian dll.

Sing repot , arep ganti Bupati Pacitan ping 28 to , nek pancen ora duwe Peduli lan ora kreatif , tetep wae Gedung Gedung Milyaran Rupiah iku  nasibe bakal ambruk secara mubazir , jare Noviana saka pacitan Couruption Watch .

Noviana nambah ake , Pejabat lan Politisi Pacitan,  isane muk lobi proyek menyang duwur , tapi nek wis diwenehi tenan  ngrawate mesti ora jedak , ujung ujunge mangkrak nganti ambruk.

Pejabat Pacitan podo ora kelingan, yen lobi  Pemerintah Pusat sing okeh numpak montor mabur , turu hotel sing mewah , tuku oleh oleh kanggo anak bojone , entuk duit sangu lumayan gede', kadang uga entuk cipratan Fee ...kurang piye jal....,( Gustik)

taman Musium geoprak , persis koyo ning lebuh mburi omah......























Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda