NUMPAK JARAN NING PINGGIR PANTAI LAGI TREN... - PACITANPOST

Kamis, 16 Juni 2022

NUMPAK JARAN NING PINGGIR PANTAI LAGI TREN...


Pacitan Ppos.16.06.022.
Numpak Jaran ana pinggir Pantai Pacitan saiki wis mulai ngetrend / Populer.
Biasane sing numpak , okeh okehe' wisatawan wisatawan saka luar kota.

Ananging wisatawan lokal saiki uga wis mulai okeh sing seneng numpak jaran, utamane wong tuwa tuwa sing arep nyenengke Putune.

Koyo to sing di critakne Bambang Santoso , wisatawan lokal saka desa Menadi iki terpaksa melu numpak jaran merga wedi nek putune tibo utawa jarane' ujug ujug mblandang , jare bambang ambi guya guyu.

Bambang uga nyaranke' marang Dinas Pariwisata Pacitan , tradisi numpak jaran ana pinggir laut nek iso digalakne , sebab akeh manfaate , terutama nglatih mental bocah cilik  , ben ora gampang keweden.

Sementara ,  Bowo pemilik Dokar Pantai ngaku urung pati tertarik ngeret ngeret jaran ana pantai , kejaba aku kesel ale mlaku ono peden ,uga wisatawan urung pati seneng numpak jaran , rata rata isih do wedi .

Saka pantaun Media , sekitar Parcer door muk enek jaran loro (2) sing dino kui nawarke jasa numpak jaran.

Tapi perlu dimangerteni , masiho muk jaran loro , ternyata sing numpak jaran klebu akeh.
Rute sing dijupuk , sepanjang Pantai pancer Door teka Pancer Etan.

Turmudi Kepala Dinas Pariwisata Pacitan   ,ngomong ,  dalam  waktu  dekat pihaknta bakal nglumpukne pegiat pegiat Wisata  Pacitan , klebu pelaku wisata Pacitan.
Intinya jare Turmudi , kabeh ben singkron , ben kompak ...,( Gustik)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda