VIRUS PMK .GAWE BAKUL RUJAK CINGUR AMBRUK ..? - PACITANPOST
News Update
Loading...

Jumat, 10 Juni 2022

VIRUS PMK .GAWE BAKUL RUJAK CINGUR AMBRUK ..?


Pacitan Post.11.06.022.
Untung wae ' bakul rujak cingur Pacitan ora pati okeh, iso dipastikan ! anane' penyakit PMK sing saiki lagi mewabah ana wilayah  Pacitan , Rujak Cingur panganan tradisional asli Surabaya   iku bakal katut bubruk.

Piye ale ra bubruk jal ! Saiki Sopo wonge ' sing gelem tuku rujak cingur sing bahan bakune sebagian besar saka kulit  cangkem  sapi.

Sedang iki dina , sapi  lan wedus pada kenek ( aratan ) penyakit Mulut lan kulit ,   ditambah  iki dino Pasar kewan  Pacitan ditutup total nganti tanggal 23 juni 2022.

Seumpama  entuk'e bahan rujak cingur pun resik lan ora terpapar PMK , saiki sopo wonge sing ora minggrang minggring arep tuku rujak cingur..?
Kejobo saka iku , ale arep golek cangkem sapi yo ning endi , wong pasar Pon tutup.

Mulo saka kui , bakul rujak cingur ana Pacitan sing teridentivikasi ora pati ake`h , LSM Bhineka Bangsa Pacitan njaluk marang  Pemerintah Pacitan menehi solusi lan Bantuan sosial marang bakul rujak cingur sing iki dina nasibe lagi apes.

Miturut Fery , Pemerintah Pacitan kudu turun tangan lan peduli marang komunitas Bakul Rujak Cingur Pacitan , sebab  rata rata bakul rukak cingur ana Pacitan kabeh klebu wong cilik sing saben dina butuh mangan , tegas Fery.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Bur Bayu Aji , nganti dina iki urung iso dijaluk'i pendapat merga HP ne ijik tulalit...( Gustik)

USUM KABEH PENYAKIT NGENE IKI , SING TEPAT MANGAN BEBEK GORENG GUSTIK , JELAS ENAK LAN NIKMAT...OJO LALI ENEK'E MUK NING MENTORO RM TIRTO WENING




Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done