ANTARA PUNTEN & KERJA BAKTI. - PACITANPOST

Jumat, 08 Juli 2022

ANTARA PUNTEN & KERJA BAKTI.


Ibu ibu pengajian masjid Al Hidayah Mentoro kerja Bhakti idhul adha sambil menikmati panganan  tradisional punten.

Pacitan Post, 09.07.022.
Jenis Panganan,, Punten ,, merupakan salah sijining panganan sing membudaya secara nasional .

Biasane panganan  sego putih sing ggawene dicampur karo parutan kambil lan diplenet plenet nganti jendel setengah atos disuguhke massal nalika kerja bakti.
Bahkan Punten dalam perkembanganya, di enggo sarapan esuk lawuh krupuk , ora ketinggalan sambel.

Ora enek wong sing iso nebak asli sejarah awale panganan punten , tapi merga wong jawa ndisik konsepe saben saben panganan digawe enak masiho bahan cupet , mungkin sejarah awal  panganan punten yo ngono .

Isa uga gandeng wong ndisik urip sak enek'e , serba pas pasan , arep tuku lawuh ora iro , arep tuku bakal jangan mungkin ndadak nyang pasar adoh lan alesan alesan liyane sing wong saiki pada ora weruh.

panganan punten diserbu ibu ibu peserta kerja bakti , enaak tenan !

Panganan tradisional punten sing rasane gurih , nikmat dipangan karo sambel ,  dipangan karo bakwan , dipangan karo jangan tempe pedes  lan panganan panganan  opo wae Punten tetep enak.

Jaman saiki Punten disenengi warga klas teri nganti klas kakap , wong mlarat yo seneng wong sugih  persasat pada seneng.

antusias ibu ibu majelis pangajian Masjid Al Hidayah Mentoro kerja bakti reresik mejid.

Sing hebat , Panganan Punten mundak pangkat, sing maune mung nggo menu wong wong kerja bakti , saiki wis disuguhne ning ngarepe pejabat ditengah upacara bergengsi , sayang warung warung utawa restoran restoran jarang sing  salah sijine menu Punten...( Gustik)




 

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda