BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang. - PACITANPOST

Selasa, 05 Juli 2022

BADRUL AMALI: ora enek Bom Peledak ana Trowongan Tambang.

Badrul Amali SH.MH.C.L.A. C.M.LC.Me

Pacitan Post.05.07.022.
Gara gara ana sing mati ketiban watu ana terowongan tambang GLI desa Kkuwih Kecamatan Tulakan Pacitan , muncul isu pating sliwer sing ora bener.

Enek sing omong almarhum katno , mati kebrukan /tertimbun watu saat peledakan, enek sing omong Korban mati merga kebledokkan Bom lan isu isu liar liyane.

Merga isu sing wis ora karu karuan iku , Badrul Amali selaku Law Office PT GLI menehi penjelasan rinci lan membantah isu liar sing berkembang ana masyarakat.

Menurut Badrul : PT GLI wis setahun medun ora enek kegiatan penambangan ana desa Kluwih , merga bahan peledak'e entek , stock wis ora duwe.

Ananging ben  para pekerja PT GLI ora nganggur metekur, Perusahaan secara bergiliran nugaske sebagian karyawan ,, ngrawat,, terowongan tambang  sing dowone meh sekilo iku.

Dlalah kersane gusti Allah , dina   senen ( 04/07)  Katno,Sugeng , Setiawan lan imron kerjo rutin mlebu trowongan sing perlune ngrawat kondisi trowongan tambang pada titik 550 meter.

Badrul Amali SH.MH  dan Patner kerjanya Imam Bajuri SH.

Ananging Nahas, kira kiro bar bedug / sekitar jam 13.15 wib Katno ( 40 ) sing wektu kui  istirahat ,  enak enak lungguh pinggir trowongan ujug ujug enek watu gede duwur sirah ambrol.

Watu gede sekitar sak tomblok iku maeng nibani tengkuk mburi , alhasil Katno ninggal seketika ana njero terowongan , pada titik 550 meter.

Badrul uga mbantah yen korban 4 , sing bener korban meninggal siji , sing luka ringan 1 sing jenenge Sugeng.

Sugeng kepencelatan watu sikile, kondisi sugeng muk abuh sikile , ora nganti tugel koyo sing diberitakne masyarakat , sementara Setiawan lan Imron slamet ora kenek opo opo.

Sementara atas kedadean iki, Badrul memastikan korban entuk santunan saka Perusahaan lan tunjangan Jamsostek, kabeh sing urus GLI pokok'e.

Pengacara Kondang Pacitan iku uga memastikan , tim PPK  Jawa Timur bakal mudun menyang desa Kluwih  memeriksa kondisi tambang lan peralatan kerja , sebagai bentuk investigasi lapangan.

Sementara Ketua DPRD Roni Wahyono melu prihatin enek karyawan tambang sing kecelakaan  maneh nganti meninggal dunia  .

Rony Wahyono  menghimbau, antara Perusahaan lan Karyawan saling bersinergi menciptakan keselamatan kerja bersama , kabeh aturan lan regulasi pertambangan kudu dipatuhi , ben slamet kabeh.

Pada karo Ketua DPRD, Komisi 4 DPRD sing diwakili Hariawan ST uga rumangsa prihatin anane Kecekaan Kerja sing mateni pekerja.

 Jare Hariawan, Komisi 4 bakal mudun ana lokasi Tambang sebagai bentuk ispeksi.

Engko umpama ditemokne hal hal sing ora sesuai aturan , kabeh pimpinan Mabagement PT GLI dijalukki keterangan ana kantor Dewan  , tapi emoh aku yen sing teka perwakilan , kudu bose dewe , pungkas Hariawan.,tegas..

Sebagai Lawyer PT GLI , siap sewaktu waktu dijalukki keterangan pihak endi wae, klebu DPRD Pacitan ....,( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda