DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE.. - PACITANPOST

Jumat, 15 Juli 2022

DALAN P.SUDIRMAN TANJUNG MALAH PATING BRENJUL .SOPO PEMBORONGE..


Pacitan Ppos 15.07.022.
Negara Ngetokne duit gede iku maksud'e dalan ben apik , iki malah kosok baline..

Dalan Panglima Sudirman Tanjungsari sak durunge diaspal ulang , mulus lan menak disawang lan dilewati.

Tapi saiki bareng rong sasi kepungkur diaspal ulang, kondisine malah brenjal brenjul ,dienggo liwat ora pati penak.

Disamping  garis marka ora enek , kondisi dalan uga ketok nde'k..wur ..alias ora pati rata, yen ora ngati ati numpak sepeda motor krasa mak gliyut...

Media pernah tekok marang Balai Jalan Nasional sing kantore ana Mentoro , ora enek sing wani jawab , klebu Jujuk sing kulina ngadepi wartawan tumben iki pet babar blas ora gelem omong.

Sementara ketua Komisi IV DPRD Pacitan Pujo Setyo Hadi omong yen Dalan Nasional dudu tupoksi kerja DPRD Pacitan, merga iku dalan Nasional,.

Ambek guyon , Pujo sing saiki wis ketok bergas waras merga bar opname ( omong)  yen soal proyek pusat ojo nemen nemen ale ngritik , samarku engko proyek saka pusat di endeg , jare pujo ambek gligak gligik...

LSM Pacitan Couruption Wacth sing mbiyene digawangi Alm  Drs.H.Ashar Subandy MSC sing saiki digawangi Novanda nyayangake pernyataan ketua Komisi IV  terkait dalan Raya Tanjungsari Pacitan/ P.Sudirman.

Kabeh  uga rampe terkait pemerintahan desa lan Kota duite kabeh saka Pusat , termasuk gajine dewan iku yo saka Pusat , masiho proyek pusat yo kudu peduli , opo klakon warga sing selalu dirugikan..?

Nganti berita iki ditulis , kepala Balai Pemeliharaan Dalan lan Jembatan Nasional seksi Pacitan ( Leo) urung isa diwawancarai merga HP ne ijik tulalit...( Gustik)

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda