DIDUGA ISIN METENG..CEWEK CANTIK NGOMBE RACUN TIKUS . - PACITANPOST

Jumat, 08 Juli 2022

DIDUGA ISIN METENG..CEWEK CANTIK NGOMBE RACUN TIKUS .

 Korban SF terbujur kaku bunuh diri minum racun tikus.

Pacitan Ppos .08.07.022.
Pelajaran kanggo kabeh wong tuwa sing duwe anak wedok , terutama hal pergaulan , sebab salah  salah nek pengawasane ora ketat isa nderbalani , nek ora meteng yo kenek narkoba utawa tindakan kriminal liyane.

Kaya kedadean bengi iki,  ( SF 22)  cewek cantik di Desa Sirnoboyo ditemokne keluarga  diduga Tewas mengenaskan minum racun tikus ana kamar pribadine.


Menurut Kasun Mendole Imron, Korban jam 5 sore ngongkon ibune tuku racun tikus ,sing alesane ning kamare akeh tikus , tanpa curiga penjaluke  SF dituruti.

Bareng nampani racun tikus saka ibune, S
Korban mlebu kamar pribadine kabeh lawang lan cendela ditutup rapet.

Keluarga curiga nganti jam pitu bengi ora metu kamar, didodok dodok ora nyauri , akhire menyang keluargane disenteri karo HP lewat angin angin pintu.

Pacar korban ndingkluk lan ndleles merga getun pacarnya bunuh diri.

Kocapo bareng disenteri SF wis nggletak ning sampinge botol racun dugaan sementara  bar diombe SF ,   tentu wae sak omah panik lan  geger ora karu karuan,  kabeh tangga teparo berusaha melu ngetokne SF srana pintu dicongkel karo linggis.

Wegah disalahne , kasun imron ngundang mantri , tapi pak mantri uga wegah kesalahan , akhire jenazah Mahasiswi Solo iku digawa nyang UGD RSD Pacitan.

Tekan UGD, sesuai Prosedur merga sing mati cewek  perawat  mengu.. USG ..lan  ,, hasile,,  jare kasun . ! korban Meteng sesasi umpang seminggu.

Miturut Warga sekitar , putri mbarep pak ( MKS) maeng urung nikah resmi , merga  korban ijik kuliah ana sala semester akhir.

Kasun Mendole Imran ditengah rumah duka Korban.

Sedang Pacare sing manggon ana Barehan Sidoharjo , ketok ndleles ana teras omahe pacare , nganti berita iki ditulis , kasus bunuh diri ngombe racun tikus isih ditangani kepolisian , sik mas jik direka Kepolisian bab dugaan matine korban, jare Thomas saka polsek kota Pacitan..( gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda