KONTRAKTOR PACITAN MATI SURI...URIP WEGAH MATI YO WEGAH.. - PACITANPOST

Selasa, 12 Juli 2022

KONTRAKTOR PACITAN MATI SURI...URIP WEGAH MATI YO WEGAH..


Pacitan, 13.07.022.
Dibanding 15 tahun kepungkur , dunia pemborongan adoh banget perbedaane ,  ndisik dinamis saiki nrimaning pandum.

Jaman ndisik wong gawe CV antusias banget ,  jaman saiki  CV akeh sing mati  merga garapan ora pati enek tur ora entuk entuk.

Miturut  salah sijining kontraktor sing ora gelem ditulis ngomong , nek  garapan tetep akeh ,, tapi ,, rata rata wis dicaplok oknum oknum tamak lan gogot , jare kontraktor sing saiki banting setir dadi petani Lombok.

Rudi Hartoyo sebagai Komisi 4 DPRD Pacitan ngaku prihatin kondisi Jasa Kontruksi jaman saiki , ibarate urip wegah matipun wegah.

Anggota DPRD sing uga mantan Kontrakror iki menilai , rusak'e tatanan pembagian Paket Pekerjaan utamane sing wujud Penunjukan Langsung ( PL)  jare rudi sekitar tahun 2014.

       Komisi IV DPRD Pacitan sidak Proyek

Wektu kui lagi usum Pemilu , akeh  anake pejabat lan tokoh  Pacitan pada nyaleg , gandeng mung program PL sing isa digunggung ,, akhire  ,, gelem ora gelem kabeh  Dinas sing duwe kegiatan kontruksi diplokoto ngedum garapan. 
Sing intine !  tokoh tokoh sing arep nyalon diperhatikan lebih.

Ternyata  terkait dol tinuku PL sing paling siap Anggota Dewan , sedangkan kontraktor cilik cilik  isane muk nyepapem ora kebagian blas , kalau toh kontraktor cilik  entuk ( PL ) wis rega blantik  , regane larang antara 15-20 %.

Sediono sing wektu kui urung dadi dewan , sempat mencak mencak merga ora entuk garapan , latik arep nyambut gawe garapan sak upil wae kudu tuku 15 % gek arep oleh opo..? to cah cah , jare diono ngedumel.

Sementara Yudo Tri Kuncoro sebagai sekretaris Dinas PU Kabupaten Pacitan mungkir , ora ngakoni tur ora nate weruh nek Dinas PU ngedoli PL rega larang menyang  Dewan kanggo keperluan Politik.
Jare Yudo !  mungkin pak Rudi Hartoyo lan pak Diono salah pengertian kemawon, kulo yakin klintu , tandas Yudo.

Sedang wacana anggota Kontrakor Cilik arep demo ning kantor PU lan kantor Dewan akhir bulan juli , Sebagai Pengurus Gabpensi Pacitan Imam Jazuli ngaku urung krungu , sing jelas secara kelembagaan Gabpensi Pacitan ora duwe niatan arep demo, pungkas Juli.

Perlu dimangerteni ! Pirang pirang dino iki ana ,, Kabar Manuk ,, yen kontraktor cilik arep nglabrak Dinas Dinas Pacitan sing dinilai bagi proyek jenis PL ora adil lan sewiyah wiyah ,  jarene' proyek PL Kabeh wis diborong Dewan sran nggo nyaur utang....( Gustik )










Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda