PANAS..! BITING ALM SRI SUBIANTI JADI REBUTAN...KETAT BANGET..! - PACITANPOST

Senin, 11 Juli 2022

PANAS..! BITING ALM SRI SUBIANTI JADI REBUTAN...KETAT BANGET..!


Pacitan 11.07.022.
Pemilu jik rong tahun, tapi calon anggota legeslatif wis pada nglabeng luru biting , utamane biting biting sing ditinggal tokoh sing meninggal  dunia utawa sing saiki munggah drajat.

Misale kouta alm Sri Subianti mantan Anggota DPRD Jatim  sing meninggal setahun kepungkur ,  kouta Indrata Nur Bayu Aji DPRD Pacitan sing saiki  lenggah dadi Adipati Pacitan , kouta Gagarin Sumrambah sing munggah drajat dadi wakil Bupati Pacitan lan liyo liyane.

Perlu dimangerteni, rebutan biting iki dina sing ketok rame lan paling mencolok Dapil VII DPRD Propinsi Jatim , Utamane kouta biting  peninggalan Alm Sri Subianti.

Pasar biting  dadi rame  ! merga muncul tokoh tokoh hebat , misale kakak kandung Bupati Pacitan Indra Sujono , Ketua Koni Pacitan Dyah Mentari Putri , Afgani lan liyo liyane .

Porsi DRD Pacitan sing paling rame Perebutan biting Dapil I Pacitan kota- prongkuku sing ditinggalke Indrata Nur Bayu Aji ( Bupati Pacitan). 
Kabar manuk , muncul tokoh Kepala Desa Arjowinangun Wiwid Bagong.

Tokoh sing cedak banget Bupati Pacitan indrata Nur Bayu Aji diperkirakne paling mudah golek biting merga tokoh muda asal Arjowinangun iki duwe sifat blater, kabeh wong dikumpuli.

Ora ketinggalan,  Ndandung tokoh senior Golkar uga bakal mudun meneh  , klebu bos Optik Surya Hadi Suwarno sing uga bakal tanding ana dapil I Pacitan- Pringkuku.

Sementara dapil 5 Sudimoro -  Ngadirojo uga diprediksi bakal rame, tape ramene Dapil V  merga kouta sing ditinggal Gagarin nganti dina iki  tokoh anyar urung krungu muncul.

Praktis Dapil Ngadirojo Sudimoro kouta Gagarin bakal dikeruk tokoh tokoh senior Ngadirojo , antara Heriawan  ( Nasdem)  Heru Setiyanto ( PDIP) Prisca Panjaitan ( Golkar) Adi Subroto ( PKB) Heru Puspa , Tumardi ( Demokrat).

Ananging bursa sing lagi panas iki dina Kouta DPRD Provinsi Dapil VII Pacitan Ponorogo,Trenggalek,Ngawi lan Magetan.utamane kouta biting sing ditinggal alm Sri Subianti.

Dapil VII Jatim praktis bakal diperebutkan tokoh tokoh anyar sing lagi Ngetop , Indra Sujono ( kakak kandung Bupati Pacitan ,/ ponakan SBY)  Prasetyo ( Putra mantan Bupati Pacitan , Dyah Mentari Putri ( ketua Koni Pacitan) Afgani Kepala Dinas Disparpora kota Surabaya.

Kabeh tokoh tokoh sing ngincer kursi DPRD , baik Propinsi ,Pusat utawa Kabupaten Pacitan  wis mulai rebut pengaruh  lan rebut tokoh sing arep digawe tim sukses .

Pendek kata , sopo sing lirna lan sopo sing gesit tergantung  obahe tokoh dewe dewe , Dipastikan  terlambat sitik bakal ketinggalan sepur...

Ulasan Politik jelang Pemilu Tahun 2024 mengenai pasar rebutan pengaruh..ditulis Redaksi Pacitan Post.



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda