RUMOR GEDUNG BARU RSD MIRING PADAHAL.... - PACITANPOST

Selasa, 19 Juli 2022

RUMOR GEDUNG BARU RSD MIRING PADAHAL....

Desain jalan penghubung yang  buruk, sepintas gedung spt mleot/miring 

Pacitan Ppos, 17.07.022.
Pirang pirang dina wartawan koran iki digawe mlayu kepontal pontal Golek'i gedung Rumah Sakit Darsono Pacitan sing isune' mleot/miring.

Sebab nek bener bener miring tenan, dipastikan kerugian Negara mesti gede banget,tur iso uga mbebayani pasien Rumah Sakit.

Gedung sing diisukan mleot , Gedung anyar 2 Lantai sisih kidul etan sing rupane ijo pupus iku dibangun Pemerintah diatas 10 M saka APBN tahun anggaran 2019.

Kocapo ! bareng Wartawan mudun ana lapangan ternyata ora enek bagian gedung sing miring utawa ambles.

Penanggung Jawab teknis Mamik ,  sing ngancani wartawan investigasi lapangan klebu Direktur RSD Pacitan dr Iman melu bingung golek'i gedung sing dikira miring.

gara gara bangunan ndek wur digawe ning tengah ,gedung ketok jonjing dikira mleot.

Ternyata bareng ditliti tenan , enek bagian selasar penghubung gedung ngarep lan mburi sing titik nol pembangunane beda.

Otomatis selasar penghubung digawe munggah , cuma sayange'  disaint leneng plasteran digawe ning tengah, ora ning pinggir kaya biasane.

Merga desaint sing kurang manis , koyo koyo gedung selasar  ketok mleot ngiwa/kiri.
Mungkin  dikirane miringe selasar kegawa Gedung Utama ambles.

Direktur Urama Rumah Sakit Darsono Pacitan dr Iman sing melu kepontal pontal ning lapangan rumangsa lega Isu Gedung Baru RSD miring ora bener , aduh mas mas melu ndredeg aku , ungkap dr Iman.

Sementara Pejabat Teknis Mamik , babar blas ora ngiro yen muk gara gara desaint selasar penghubung sing kurang manis , ndadekne bangunan ketok miring , tapi dikapak kapekne iki masukan warga  sing apik , ora opo opo mas! Jare mamik lega..( gustik)

Bebek goreng Sinjai Gustik nikmatnya tiada tara,serasa seperti mimpi yang indah..




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda