SING GANDUL URUNG DIKUBUR ENEK MENEH MATI JUDEG. - PACITANPOST

Kamis, 14 Juli 2022

SING GANDUL URUNG DIKUBUR ENEK MENEH MATI JUDEG.



Pacitan Ppos 14.07.022.
Yongalah wong wong ! Ibarat sing gandul mambengi  urung dikubur , iki kepolisian entuk kabar maneh wong bunuh diri merga judeg lara diabetes rong tahun.

Miturut informasi korban Mispani ( 67)  iki jam lagi dievakuasi Polsek Kebonagung Desa Katipugal RT01/10 dusun kluwih.

Tonggo teparo korban ngomong, yen pak Mispani  saben dina ngeluk lara diabetes, tapi kabeh tonggo teparone ora grahito yen pak mispan nekad bunuh diri.

korban mispani gantung diri di pohon mangga.

Perlu dimangerteni kasus wong bunuh diri seminggu iki rekor ,  3 korban mati bunuh diri , enek sing minum racun tikus , enek sing gandul.

Merga kedadean sing luar biasa iki , Pemerintah Kabupaten Pacitan gelem ora gelem kudu mudun , opo sebabe kok akeh wong bunuh diri.

Miturut LSM Bhineka Bangsa Onkitus, osa uga merga urip ning Pacitan opo opo soyo larang , tuku obat saya larang, tuku pangan saya larang dsb.
Lsm Bhineka Bangsa uga nyoroti para Ustad ,ulama sing dianggep gagal bina umat ...,( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda