HANDAYA : RAKYAT URIP SUSAH KOK MENTOLO TURU HOTEL... - PACITANPOST

Selasa, 09 Agustus 2022

HANDAYA : RAKYAT URIP SUSAH KOK MENTOLO TURU HOTEL...

Lsm sambangi  DPRD minta kunker dikurangi intensitasnya.

Pacitan 09.08.022.
Wis dudu rahasia maneh yen anggota Dewan  kemaruk kunker, rapat lan Work Shop ana luar kota.

Sakjane ora muk anggota DPRD Pacitan, ,, persasat,,  meh kabeh  anggota DPRD Kota , Propinsi lan Dewan Pusat demen kegiatan ana njobo kutho bahkah luar Negri.
.
Ananging kadang enek siji loro anggota Dewan  sing ora gelem melu kegiatan ana njobo kutho , mbuh kui kunker , studi banding utawa kegiatan kegiatan liyane.

Contone Handaya Aji , anggota DPRD Pacitan saka PKS iku ngaku, sejege' urip dadi dewan  iso dietung driji ale melu kegiatan ana kuar kota , ikupun muk jaman anyar anyar dadi Dewan, ujar Handaya.

Suasana Anggota Dewan Rapat di hotel Mewah ..Ft dok..

Miturut Handaya Aji , segala bentuk kegiatan ana luar kota , disamping gunane muk sitik uga ngentek enteki duit , mending duit nggo mbangun dalan sing isih akeh rusak,khususe ana desa desa.

Handaya uga ngaku , ora mentolo saben saben kegiatan luar kota, mangan enak , turu hotel plus sangu okeh , sementara rakyat ijik pada susah uripe.

Jaman saiki arep tuku minyak goreng wae rakyat susah , arep tuku lombok larang , arep tuku BBM saya suwe mundak terus , sementara anggota DPRD gawene muk monyah monyah luar kota , sori yo aku ora tertarik , ungkap tokoh kontroversi mantab..( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda