PENGEMIS BAWA ANAK DI TUGU LIPEN, TERNYATA WONG TANJUNG...! - PACITANPOST

Jumat, 05 Agustus 2022

PENGEMIS BAWA ANAK DI TUGU LIPEN, TERNYATA WONG TANJUNG...!



Pacitan ppos 05.08.022.
Desa Tanjungsari Pacitan, kawit jaman lekak , identik Desane' wong sugih, Sebab rata rata  wargane' uripe akeh sing mapan, dibanding karo desa desa liyane (bukan Kelurahan).

Ananging sapa ngira, akhir akhir iki , jeneng Desa Tanjungsari rada tercoreng setitik amarga anane' wong ngemis tukang gawa balita/ anak ,, ternyata,,  warga Desa Tanjungsari Pacitan.

Miturut Kepala Dinas Sosial Sumorohadi, Pengemis ( Ag) asal Desa Tanjungsari pancen angel dibina , tahun 2021 Dinsos Pacitan ngirim ( Ag) nyang UPT Bhinakarya Madiun.

Kocapo, urung nganti sepuluh dina ( AG) mlayu mulih saka Panti Rehabilitasi Madiun bali nyang Pacitan maneh, padahal ning UPT Madiun diwarahi mandiri , dilatih, dibina dipulihke mentale dsb.

Tugu Lipen Penceng Pacitan.

Awal tahun 2022 , Dinsos mbujuk ( AG) meneh bali menyang mediun, tapi yo kui saking angele ( AG) tetep mlayu maneh bali menyang Pacitan, milih ngemis ambi ngendong anak'e ,, aku ki jane yo isin mas wong omahe yo rapati adoh karo omahku, jare Sumorohadi.

Perlu dimangerteni , wong ngemis ana prapatan Tugu Lipen Penceng Pacitan iso diarani  mulai akeh , sejene pengemis 
saka luar kota , uga enek  pengemis sing Asli Pacitan.

Pengamatan Media , jumlah pengemis gawa anak jumlahe enek sekitar telu , sing loro operasine ana pasar pasar , utamane pasar Arjowinangun ,  sing siji Asli Pacitan kerep ngete`m  ana Tugu Lipen Penceng Pacitan.

Perlu dimangerteni, modus wong ngemis jaman saiki pancen maneka warna , enek sing  dengkule ditetesi betadine sepintas ben ketok ,, dingklang ,, 

Enek sing uyar uyur gendong balita, padahal ale nyilih koncone sing pada pada pengemis.

Kabeh muk ben pada simpati menehi duit, ning ojo kaget , kuwi kabeh muk akal akalan, pengemis jaman saiki enek juragane, kadang hasile' juragan pengemis ngalahke anggota DPRD utawa pegawai Bank..oh alah...( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda