WARTAWAN KELANGAN PAYUNG , AZZRA MULIH.....diduga kene`k Covid. - PACITANPOST
News Update
Loading...

Minggu, 18 September 2022

WARTAWAN KELANGAN PAYUNG , AZZRA MULIH.....diduga kene`k Covid.

Prof Azzumardi Azzra ketua Dewan Pers
Meninggal.

Pacitan Post Group 
Ketua Dewan Pers periode 2022-2025 Prof Azzumardi Azzra dina iki  ( 19/09 ) ninggal  ana Rumah Sakit Kerajaan Malaysia.

Informasi sing berkembang , Almarhum sesak nafas pas numpak pesawat jurusan Jakarta - Malaysia , diduga Ketua Dewan Pers iku terpapar Covid 19 .

Bojone sing melu dampingi Azzumardi lungo nyang Malaysia panik ndelok bojone menggeh menggeh ora iso ambegan , untung Crew Pesawat cekatan (dibantu oksigen milik Maskapai).

Bareng Pesawat mudun , almarhum sing uga Guru Besar IAIN Syarif Hidayatullah Jakarta iku langsung dilebokne ICCU khusus pasien Covid 19.

Tapi sayang wis garise  Gusti Allah , Pejuang Pers lan Cendikia Agama Islam iku napase mandeg ..Innalillahi Wa Inna Illaihi Rojiun sugeng kundur ingkang husnul Khatimah komandanku...bung Azzra...Pers berduka ! 

Warga Bingung kok , Covid jik ganas.
 Warga masyarakat sejatine bingung, masker wis entuk dicupot , cuci tangan seolah wis ora dibutuhne, kluyar kluyur lungo bebas, jebul Corona ijik ganas.

Terbukti Ketua Dewan Pers  Azzumardi Azzra ninggal merga diduga terpapar Covid 19 , ora mung Azzumardi , penyanyi Cilik  Farel Prayoga (kesayangan ) Presiden Joko widodopun rong minggu kepungkur uga terpapar Covid 19.

E.. ladalah..Corona ijik enek.....gene wong ewuh jik blader ning ndi ndi gon , cangkem podo nglowos ora nganggo masker , cipika cipiki wis biasa maneh ...piye jal....! ( Gustik)

Sugeng kundur Bung Azzra..! mugi kundur ingkang Husnul Khatimah...





Share with your friends

Give us your opinion
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done