GARA GARA SENAM NING NJERO MEJID PACITAN DIKECAM SAK INDONESIA... - PACITANPOST

Jumat, 20 Januari 2023

GARA GARA SENAM NING NJERO MEJID PACITAN DIKECAM SAK INDONESIA...


Pacitan , 20.01.023.
Wis wis ..gara gara muk sepele, ibu ibu senam ning masjid Apung Pancer Door, Pacitan dadi berita Nasional , awan bengi TV Nasional, Media Nasional kabeh  mberitakne aksi elek ibu ibu.

Masiho ibu ibu wis njaluk ngapuro menyang masyarakat lingkungan ,  utamane KH.Fuad Dhimyati, berita berita ibu ibu igul igul ning masjid apung nganti seprene  ora mandeg mandeg.

Iku urung japri personnal saka luar kota, sing rata rata ngecam tingkah laku ibu ibu sing endel senam ning njero masjid , masiho pihak Kepolisian wis memfasilitasi lan mendamaikan, ternyata berita berita ibu ibu senam isih terus dadi topik Nasional.

Bambang Mahendrawan Kadis Kominfo Pacitan.

Miturut Kadis Kominfo Pacitan B.Mahendrawan makili Bupati Pacitan , ajak masyarakat waspada sak durunge aktivitas , ojo nyleneh nyleneh , sekirane arep dadi masalah ojo dilakoni.

Kedadean ibu ibu senam ning njero masjid apung wingi, kudu didadekne koco brenggolo , barang sepele merga ora ati
 ati, ndadekne gendra secara Nasional sing nganti seprene urung mandeg, seolah perilaku wong pacitan ora duwe sopan.

Saking menyesalnya ibu ibu pesenam yg dikecam seluruh indonesia tadi siang mengadakan shalat berjamaah dan yasinan di masjid apung pancer door pacitan.

Mahendrawan nambah ake, ibu ibu sing rata rata kabeh lansia, karepe arep kegiatan urip sehat srana olah raga rutin , jalan sehat, senam lan liyo liyane, kudu juga diapresiasi , soal kesalahan  ibu ibu wong urip akeh salahe..ayo podo di ngapura , mandeg ale menghujat.., tegas Mahendra.

Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , melu prihatin bab berita ibu ibu senam nng njero Masjid.
Putra alm H.Suyono iku uga yakin, ibu ibu sing wis sepuh kabeh ora duwe tendensi opo opo, kecuali kilaf.
Ronny setuju, peristiwa iku dienggo pembelajaran kabeh..( tim)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda