GEGER IBU IBU ENDEL SENAM NING MEJID APUNG..BLAS RA GABLEK ISIN. - PACITANPOST

Selasa, 17 Januari 2023

GEGER IBU IBU ENDEL SENAM NING MEJID APUNG..BLAS RA GABLEK ISIN.



Pacitan Ppos.17.01.023.
Ora enek angin ora enek udan, ujug ujug jagad maya dihebohne  aksi ibu ibu senam ning masjid Apung Pancer Door Pacitan.

Masjid sing diprakarsai Kh Fuad Dimyati , pimpinan Pondok Pesantren Termas iku , di j'eg j'eg..ibu ibu sing ketok'e kabeh Katrok) alias ora duwe isin.

Tentu wae aksi ngawur ibu ibu sing  Senam ,, igul - igul - endel ,, iku dihujat wong sak Indonesia, merga foto foto senam'e langsung dahsyat  nyebar teko endi endi.

Persasat kabeh wong Pacitan gumun,  ingatase Mesjid , kok iso nggo senam , selagine senam ning halaman masjid wae dikecam.

Miturut Polisi Pacitan, personnel Senam iki dina lagi arep di golek'i , sopo wae , saka endi lan tujuane opo, kok nekad senam ning njero mesjid.

Tapi sing pasti, Enek Organisasi kemasyakatan Pacitan sing arep gawa ana ranah Hukum. Group senam ibu ibu endel iku dianggep pelecehan agama. 

Imam Subeki , saka Aliansi Bhineka Bangsa , selaku umat muslim rumangsa risih lan isin merga monumen suci sing arupo mesjid di jeg-jeg wong senam, iku wong wedok do rawaras , tangkap..
jare subekti .

group pesenam wedok , ra ngerti papan igul igul ana njero mesjid Apung Pacitan, langsung dihujat wong sak ndonyo.

 Sing an'eh !.
Wektu arep senam kok iso entuk ijin saka takmir Masjid Apung , opo mungkin petugase do mulih trus nyolong nyolong, lha iki sing dadi pertanyaan, netizen..

Merga lagi anyar ,laporan masyarakat menyang polisi , informasine  urung iso nindak lanjuti , tapi imam Subekti saka Bineka Bangsa tetep arep ngawal, ulah ibu ibu sing berperilaku endel ,senam igul igul ning njero masjid..( tim)





Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda