NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH. - PACITANPOST

Rabu, 04 Januari 2023

NYANGKLEK BEDIL IWAK , UJUG UJUG MATI NING SAWAH.


Pacitan 05.01.023.
Nasib menungsa ora enek sing weruh , utamane bab pati , kabeh nyawa sing nyekel sing kuasa Allah Swt.

Koyo kedaean wingi sore ( 04/01) enek wong mancing ana pinggir sawah, ujug ujug ditemokne warga mati tengkurep ning sawah sing banyune muk sak polok sikil.

Korban sing diidentifikasi Widi wahyu Pamungkas ( 27) alamat Rt.01/03 Dusun Pucang Mulyo Kelurahan Pucangsewu Kec/Kab Pacitan ditemokne warga sekitar jam setengah limo sore.

Miturut saksi Bayu Triatno , korban teka ning TKP sekitar jam telu sore , korban kledang kledang teka nyangklek bedil iwak.

Ora let suwe , ujug ujug korban ora ketok lungguh , tapi ora let suwe saksi curiga kok onok wong kemurep ana sawah, bareng diendangi ternyata Widi / korban.

Gandeng Bayu wedi , bengok bengok nyeluki saksi liyane Winarno sing kebeneran tonggone korban.

Bareng diamati korban wis ora obah , saksi nyeluk keluarga korban laporan Polisi Polsek Kota Pacitan 

Kapolsek Kota Pacitan AKP Sugeng Rusli mbenerake yen enek laporan wong mati ning pinggir sawah Praman Pucang Sewu.

Korban dievakuasi anggota sekitar 
Jam setengah limo sore , dilanjut menyang RSD Darsono Pacitan .

Korban Widi Wahyu Pamungkas , diduga duwe riwayat Penyakit Epilepsi, mungkin korban mumet / kumat , sayang kumate korban pas posisi ning pinggir sawah, masiho jerone sawah muk sak polok sikil, ananging posisi korban murep, dadi ora iso ambegan, tegas Polisi sing akrab diceluk Ambon ( gustik)








Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda