Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis - PACITANPOST

Senin, 27 Februari 2023

Ati Ati sing duwe ,,Thokor Bentet,, Ojo nyang sawah disik, usum penyakit uyuh tikus .. leptospirosis

 Uyuh tikus keli banyu udan , gawa korban wong nyang sawah sing mati wis papat.. suspeck wis 112 sing dirawat wis 88.

Pacitan Ppos 28.02.023.
Ati ati sing duwe thokor( dlamak'an ) sikil pecah pecah , sebab rata rata sing kenek upas tikus wong sing thokore pecah pecah.

Nganti dina iki penyakit Leptospirosis sing nyerang warga pacitan  termasuk mbludak, ananging urung dikatagorikan KLB.

Miturut Sekretaris Dinas Kesehatan Pacitan dr Ndaru Mustaka Aji, Leptospirosis  disebabne bakteri Loptospira , perantarane saka urine( uyuh) kewan,  umume tikus.

Gejalane umume , awak panas ndadak,mata abang, lemes ,otot otot pada linu lan pusing.

Tahun 2022 , warga Pacitan sing kenek bakteri Leptospira sekitar wong 496 sing akeh saka desa Bubakan Tulakan 130 korban uyuh tikus.
Tahun 2023, jare ndaru iki lagi meraja lela , suspeck 112 dirawat 88 lan mati 3 .

Pemerintah Kabupaten Pacitan ,  melalui drg. Nur Farida Kabid P2P wis bertindak anane pagebluk penyakit Lestospirosis sing disebabne saka uyuh tikus lan kewan kewan liyane.

Pemkab Pacitan bareng karo BBTKL Surabaya , iki dina lagi nangani lan meneliti Warga Nawangan Pacitan , sing lagi kenek penyakit berbahaya saka uyuh  kewan.

Bupati Pacitan lewat Dinas Kesehatan pesen marang masyarakat kabeh , khususe Petani sing sering menyang sawah utawa lebuh  ati ati nek iso nganggo sepatu , sebab ora tertutup kemungkinan uyuh tikus , uyuh sapi lan kewan liyane membleg dadi siji ana sawah utawa lebuh...

Dr Ndaru nambah ake , sing krasa awake panas ora mari mari,lemes , ngelu sirahe , gek digawa nyang puskesmas , sing duwe luka utawa dlamak'an mrenget nek iso ati ati , nganggo sepatu boat misale .( Gustik)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda