Bantah BUPATI Ngonkon Wong 300, ndelok LAVANI ning jogja. - PACITANPOST

Minggu, 12 Februari 2023

Bantah BUPATI Ngonkon Wong 300, ndelok LAVANI ning jogja.

Pacitan.13.02.023.
Kabeh sing berbau SBY mesti dadi perhatian masyarakat Pacitan, mulai saka Pilpres , Pilkada , lukisan ,musik nganti teka Bola Volly.

Khusus Bola Volly , Tim bentukan SBY sing dijenengke LAVANI  ,, ndlalah kersane  gusti Allah ,, begitu muncul langsung dadi juara Nasional  Proliga tahun 2022.

Proliga tahun 2023  sing iki dina mubeng digelar ana berbagai kota, mulai tanggal  17 Pebruari 2023  Jogjakarta kebagian jatah dadi tuan  rumah  lanjutan putaran Proliga 2023 .

Krungu lanjutan Proliga digelar ning Jogja , warga pacitan ( khususe Fans Lavani) bakal gembrudug menyang jogja , informasi terakhir,  enek sekitar wong 300 sing arep budal jogja.

Maklum  jarak antara Jogja pacitan ora pati adoh, kurang luwih 110 km , iso ditempuh nganggo kendaraan roda 2 atau empat kiro kiro muk 2 jam.

Terkait isu isu Pemkab Pacitan ngordinir ndelok Volly nang Jogja tanggal 18 sebagai Suporter Lavani , nganti berita iki ditulis urung enek info sing Valid , ijik lagi kabar manuk.

Bambang Mahendra selaku Dinas kominfo Pacitan ,  bantah  Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji mrintahne nonton Volli ning Jogja sebagai suporter Lavani , nek pak Bupati Nonton Volly mungkin bener, merga Lavani ora iso lepas keluarga pak SBY , tambah Mahendra.

Terlepas Suporter Lavani asal pacitan dikoordinir utawa ora, kangone wong Pacitan ora masalah , wis monggo dikoordinir apik , mandiri yo apik, sing penting Lavani Juara , ben jeneng Pacitan melu moncer, jare Silvia sing arep ndelok ambi ngubeng ubengne anak'e.

Perlu dimangerteni , jeneng Lavani Volly Ball Club , ora lepas  saka saking Trisnane pak SBY marang almarhum Bu Ani yudhoyono sing wis dampingi pak SBY pirang pirang puluh tahun, mulai saka pak SBY ijik pangkat Letnan Dua nganti Jendral lan Presiden...( Gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda