HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..? - PACITANPOST

Jumat, 03 Februari 2023

HPN : WARTAWAN SAIKI KOYO KOKOK BELUK..?

Pacitan Ppos. (Edisi Khusus Hari Pers Nasional 2023)

Kokok Beluk ( burung hantu) , yo kui jenis manuk sing  dianggep angker  , jaman ndisik  yen kokok beluk muni tengah wengi , wong sing krungu mesti wedi campur ndredeg.

Wong ndesa  pada wedi  , merga wis dadi ila ila (seolah kode)  yen kokok beluk muni tengah wengi  bakal enek lelayu.
Mulo saking angkere kokok beluk,  djenengke burung Hantu.

Nek didelok saka ujud'e ,  manuk kokok beluk pancen ora pati medeni , ananging gandeng unine kokok beluk dadi tetenger anane musibah , kabeh uwong rata rata ora wani ngingu, kecuali wong ndableg.

Hubungane karo Wartawan.
Sakjane antara Wartawan Karo Kokok Beluk ora enek hubungan langsung , ananging yen didelok saka cara kerja wartawan sing penuh ( rahasia beresiko ) isa uga ( ila-ila)  antara kokok beluk  karo Wartawan meh pada.

Kocap enek wong korupsi , wong selingkuh , wong nyolong lan ulah elek liyane , ibarat wong liyo urung ngerti, biasane wartawan wis ngerti disik, kecuali wartawan ethok ethok..

Intine  Wartawan klebu kelompok sing diwedeni , sing disingkrihi lan klebu kelompok sing dibenci. Dibenci merga ngonangi wong maling , ngonangi wong duwe bojo akeh , ngonangi wong korupsi lan tingkah laku elek liyane.

Ora enek critane wong seneng ngingu wartawan, ora enek critane wong seneng kekancan  karo wartawan lan ora enek critane wong ora wedi kekancan karo wartawan , sebab nek wartawan wis gelem muni pedes ,, Pertanda,, Musibah kanggone wong kang cidro.

Wong seneng ngingu wartawan, seneng kekancan karo wartawan, muk enek   loro jenise , yo kui siji wong kang resik lan siji penegak hukum. 

Wong resik kendel cedak wartawan merga rumangsa ora duwe salah. Ananging yen Penegak hukum ..! merga pingin bocoran kesalahane wong liyo..ibarat ilmu intelejen Wartawan sisik melik'e Penegak hukum.

Mbuh merga wedi , gething  utawa piye , saben saben Peringatan Hari Pers Nasional , Wartawan mesti kesulitan koordinasi karo sopo wae..!

Mungkin kesulitan koordinasi, merga Wartawan seprene ora duwe omah utawa susuh , persis koyo kokok beluk sing ora ngerti omah lan susuhe...

Opo klakon wartawan kudu muni koyo manuk kokok beluk , sebagai tanda lelayon wong kang  nuli slintat slintut..,slintat slintut duite rakyat utawa slintutan marang bojone dewe ...

Ditulis oleh Gustik pemimpin Redaksi Pacitan Pos dan Kabiro Pacitan Jatim Hari ini sebagai bentuk keprihatinan sebagai insan Pers yang kadang tidak diperlakukan sebai orang yang berjuang  mati matian memberikan edukasi dan informasi kepada masyarakat luas..panas ,hujan , siang dan malam , Wartawan mendahului mencari informasi  yang seimbang untuk kepentingan masyarakat banyak ..














Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda