LISTRIK..Byar- Pet..! .merga godong -godongan- ibarat wayang Cakil..urip mati ..urip mati.. - PACITANPOST

Rabu, 15 Februari 2023

LISTRIK..Byar- Pet..! .merga godong -godongan- ibarat wayang Cakil..urip mati ..urip mati..


Pacitan Post 15.02.023.
Tokoh Cakil , nek muni ora jelas , kejaba gagap  uga bekukak-bekukuk - grogi koyo wong bar ketangkep.

Podo  karo PLN Pacitan  , bola bali listrik  mati sing digawe alesan mesti faktor cuaca , kadang  godong godongan utawa wit witan sing nyenggol kabel listrik.

Janji diprotes warga, merga bola bali mati listrik,  alesane gangguan alam , mati urip mati urip.
Persis koyo lakon Buto Cakil , mati urip - mati urip , jare Temon warga Punung.

Padahal alesan PLN setahun kepungkur, dudu soal wit witan, tapi suplay saka PLTU Piton sing dibatesi , terlepas  wektu kui Pejabat PLTU Sudimoro pas nglindur po piye , tapi sing jelas muni ngono, saat acara  kunjungan  DPRD Pacitan ( komisi 4)  sing diliput Media.

Sing Repot..! 
Kepala PLN ULP Pacitan Nuzulul Ramadhan ,  panggah nganggo alesan ,  gangguan alam,  arupo godong godongan lan wit witan  sing nyenggol kabel listrik , pungkas  Nuzulul Ramadhan ana siaran pers, menyang salah sijining media.

Anggota komisi 4 Rudi Hartoyo , sing bola bali disambati masyarakat terkait listrik mati , ora iso berkutik .
Rudi cuma omong , PLN iku Perusahaan pinter pintere dewe , nek warga telat bayar age age diputus , tapi yen mati lampu PLN ora ngitung rugine wong usaha.

Entuk pesenan Roti listrik mati , pas Hajatan listrik mati , pas  rapat / seminar listrik mati , ngono kui opo PLN mikir rugina masyarakat.
Pejabat PLN kudune isin, merga PLN sing biayai Masyarakat , jare Rudi gedeg.

Perlu dimangerteni , wilayah wilayah koyo Kecamatan Bandar , Nawangan , Punung lan liyo liyane sering mati lampu , meh telung dino pisan persasat listrik mati.

Sri Sutarmi Bidan Desa asal Kecamatan Bandar , mbenerake yen kecamatan Bandar sering mati lampu , aku wis bola bali protes karo pak Camat, tapi nganti seprene yo nyatane listrik ijik byar pet..( gustik)


















Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda