Nek elek rupamu lan kurang dedegmu ojo wani wani naksir putune Bu Mega.. - PACITANPOST

Jumat, 24 Februari 2023

Nek elek rupamu lan kurang dedegmu ojo wani wani naksir putune Bu Mega..


Pacitan Ppos. 25.02.023.
Presiden ke 5 Republik Indonesia Megawati Sukarno Putri , akhir akhir iki komentar aneh  ora produktif, kontroversial lan gawe sebagian masyarakat Indonesia  gregeten.

Mbuh karepe guyon opo kepiye , sesasi kepungkur Megawati menehi kreteria calon mantu Putune' wedok wedok sing cacahe enek limo.

 Calon bojo putuku wedok , ora entuk wong elek lan pendek, tapi kudu bagus lan duwur , wong putuku kabeh ayu kok, jare Bu Mega ambi mesam mesem.

Masiha muk guyon, ternyata omongan bu Mega dadi picaturan masyarakat Indonesia, Megawati dianggep ora ngregani wong elek lan wong pendek , padahal apik orane menungsa ora mesti dinilai saka fisik'e.

Kabeh gaweane gusti Allah, kudune bu Mega ora entuk ngendika ngono, dimata Tuhan kita sama ,  jare Anwar Abas Wakil ketua Majelis Ulama Indonesia.

Anwar Abas sing uga Ketua PP Muhammadiah iku uga prihatin,  Ketum PDIPerjuangan Megawati sering omong sing ndadekne warga pegel.

Koyo muni misale ' , salah sijining penyebab stunting merga ibu ibu sering melu Pengajian , kesehatan  anak ora diurus,   merga kakean melu kegiatan Pengajian, jare Mega ambi bola bali omong ..maaf ..maaf...maaf...

Tentu wae omongan mega dianggep nyleneh lan aneh , untung ibu ibu group pengajian RT ora pati perduli omongane Mega , Stunting  utamane  akibat  gizi buruk,  kok sing disalahke ibu ibu pengajian , maklum bu Mega ora nate melu pengajian, jare ibu ibu ambi geleng geleng kepala.

Mega uga dianggep sombong, merga pamer ale munggah Haji ping pindo , umrah ping telu , koyo sing dilansir media online Nasional.
Merga Mega Ketum Partai Abang, muga muga pernyataan Mega ora ndadekne antipati  warga menyang partai PDIP sing dipinpin Megawati. .( gustik)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda