omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?.. - PACITANPOST

Senin, 27 Februari 2023

omah deretan anggota Dewan Ambles lan Rubuh...perlu di Relokasi..?..


Nawangan Ppos 27.02.023.
Pancen didelok saka kontur lemah , deretan pasar Nawangan mengulon ora layak didegne bangunan , merga persis ana punggung bukit lancip.

Saking lancipe' punggung bukit , mung ana sekitar lemah 40 meter kiwo tengen sing kenek didegne bangunan, kui pun dalam kondidi kritis nek kenek cuaca ektrim mesti bahaya

Tapi wong  tuwa ndisik ora gagas,  lemah kui bahaya opo ora..sing penting iso ngedekne omah lan bangunan liyane, toko.bengkel , warung lan Pasar.

 deretan omahe anggota Dewan Nawangan sisih mburi pada ambles lan ana sing rubuh.

Kocapo...!
Bareng kenek udan ngedur pirang pirang dino, meh kabeh lemah kui maeng ambles total bahkan akeh omah sing ambruk, persise yo kui deretan omahe anggota Dewan Sutikno , Bagus Sp , bu Pri.
Bahkan omahe bu Pri  sing mburi ale ambles wis pirang purang tahun.

Miturut Marsini ,  udan pirang pirang dino dadi penyebab lemah lan omah pada ambles lan Rubuh , nganti seprene urung enek bantuan utawa tinjauan saka Pemerintah , yo muk bantuan sembako saka Desa , jare Marsini sing uga dulure bu Pri anggota DPRD Pacitan.

Marsini uga omong yen omah ambles lan rubuh ora mung mburi omah,ananging ngarep omahpun uga ambles lan rubuh persise mburi / cedak toko Tofa, malah ngarep SD Nawangan 1 omahe wis dikosongke..ora wani dienggoni.

Marsini uga bingung, enek musibah koyo ngene kok Pemda karo Bupati ora gek mara , sing nilik'i lagi ponak aku Bagus karo Pandu , Bupati lan pejabat liyane urung moro, jare sini memelas tulung undangno Tv om.

Anane musibah tanah ambles ana nawangangan , entuk informasi Bupati urung sempat mrono, merga kesibukan sing padet, media  ngontak hp ne ijik tulalit...( Gustik)







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda