SEMAPUT ! YOLLA YULIANA DIPLAYOKNE IGD KONDISINE.... - PACITANPOST

Jumat, 10 Februari 2023

SEMAPUT ! YOLLA YULIANA DIPLAYOKNE IGD KONDISINE....


Pacitan Ppos.10.02.023.
Pemain Volly Cantik Proliga 23 Yolla Yuliana,  glempang semaput saat pertandingan antara Pertamina Festron Vs Bandung BJB Tandamata.

Diduga randa ayu , sing doyan gonta ganti Pacar iku semaput  pas  lagi main awak'e ora prima , merga tanggung jawab sebagai pemain profesional Yolla  tetep main , akibate awak'e ora kuat lemes Glempang semaput.

Ngerti Yolla glempang , buru buru  mantan bojone Akbar Kaesar iku digawa nyang rumah sakit sing cedak saka GOR Ken Arok Malang Jawa Timur.

Yolla Yuliana semaput digawa nyang IGD Rumah Sakit Malang.

Miturut Pelatih Pertamina  Fastron Edi Waluyo, kondisi Yolla Yuliana ijik dirawat , urung iso dipastikan kapan iso bali saka rumah sakit utawa main neruske even/ kompetisi  Proliga 2023.

Diduga , faktor jadwal ketat lan  pindah pindah ,, dadi penyebab ,,  kondisi pemain kabeh meh ora fit, surabaya panas pindah malang udara adem , sesuk aku arep usul kudu enek jeda, tambah Eko pelatih Pertamina Fastron.
.

Masiho Randa Ayu Yolla Yuliana ora main, club sing dibela Yolla Pertamina Fastron menang 3: 1 lawan Bandung BJB Tandamata.

Kondisi Yolla update.
Terakhir.kondisi Yolla wis digawa mulih , saiki wis santai ning kamar , Yolla ditakoni awake lemes merga datang bulan (menstruasi), aku semaput merga lemes bebarengan nabrak papan iklan pinggir lapangan, jare Pacar Vincent kosasih iki

Lavani menang mutlak.
Sementara Klub Volly Lanang kebanggaan masyarakat Pacitan  Jakarta Lavani menang telak 3 : 0 VS jakarta STIN BIN.
Kemenangan Lavani disesekne langsung Presiden RI ke 6 SBY.

Club Volli Lavani besutan SBY , diperkirakne  bakal Juara  Proliga tahun 2023 .
Lawan berat Lavani ora enek meneh kecuali Surabaya Bayangkara Bin Samator..( gustik)




Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda