SENAM WINGI ..DADI FIRASAT MASJID APUNG RUBUH....? - PACITANPOST

Rabu, 15 Februari 2023

SENAM WINGI ..DADI FIRASAT MASJID APUNG RUBUH....?


Pacitan Ppos, 15.02.023.
Mbuh merga kebetulan opo firasat , senam endel ibu ibu ana Masjid Apung sesasi kepungkur , bareng Masjid Apung rubuh  merga cuaca ,  Senam kontoversial ibu ibu dek emben  dikait kaitke maneh.

Netizen  rame , oalah  senam ibu ibu ning njero masjid Apung wingi muk pepiling / pertanda yen bakal ana musibah ana masjid apung Pancer Etan.
Netizen liyane  komen, gara gara ibu ibu gawe dosa, masjid apung rubuh.

Tapi sak benere , pancen saka awal kontruksi Masjid Apung Pacitan  dadi pembicaraan ,  itungan teknis blas ora masuk 

Bahkan Pimred Media iki pernah ngelekne , tapi malah dadi salah paham , sekalipun akhire Masjid apung keli tenan nganti teka tengah laut.

Pembangunan Masjid Apung ana Pancer Etan Teluk Pacitan , pancen nimbulke efek luar biasa , dipimpin KH Fuad Dhimyati ( Gus Fuad) kegiatan ke rohanian meh saben wengi enek.

Mulai saka pengajian , dhikir tahlil , sama'an Qur'an , Shalat Jumat  utawa sekedar wong plesir Masjid apung full pengunjung  ,, pendek kata ,, Masjid Apung migunani tumraping  agama lan Pariwisata.

Gara gara ono Masjid Apung , obyek Wisata Pancer Door lan Pancer Etan Teluk Pacitan dadi regeng , rame lan bermanfaat.

Nganti berita iki ditulis , Pihak Kepolisian Polsek Kota urung menehi info detail bab musibah Masjid Apung Rubuh .

Ananging , Miturut Pengamatan media ana lapangan , Nek ndelok cuaca Pacitan  Ekstrim saben dina  , rubuhe Masjid apung Faktor Cuaca.

Mantan ketua Gabpeknas Pacitan sutikno, menehi saran, yen takmir masjid Apung arep gawe maneh , Fisik Masjid ojo ngapung 100 Persen.
Minimal kudu enek beton/ tiang pancang sing nancep  permanen ana njero kali.

Insya Allah yen kontruksi iku ditempuh, masjid  aman , tapi bentuk masjid seolah tetep ngapung ning kali...( Tulisan ini hanya sekedar saran kontruksi , jika masjid apung akan dibuat kembali)

Bebek Gustik pancen nikmat , senikmat rasa daging  unggas beneran.







Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda