SOPO WANI MENEK GUNUNG JOGO JAGAT...OMAHE..NY RORO KIDUL..? - PACITANPOST

Senin, 13 Februari 2023

SOPO WANI MENEK GUNUNG JOGO JAGAT...OMAHE..NY RORO KIDUL..?


Pacitan Ppos..14.02.023.
Mbuh piye' critane , ora enek udan ora enek panas, ujug ujug Badan Informasi Geospasial ( BIG) nemokne Gunung ngisor laut ,  sing jare ' duwure'  rong kilo luwih.

Mbuh awu awu - opo tenanan Informasi iku , sing jelas masyarakat Pacitan ora pati gagas.
 Merga opo..? merga Pacitan saking kulinane diinformasikan  barang barang sing ora katon , nek ora ombak  gede sing duwure' 28 meter , lindu gede' lan informasi sesat liyane.

Biasane sing tukang menehi info, Pejabat saka Pusat , masiha ujung ujunge'  ,,bus,, ora kasunyatan  .
Contone'
Setahun Kepungkur , Jare arep enek ombak sing duwure 28 Meter , yo..bus ..nggedabus..alhamdulillah ora enek.

Iki dina yo ngono , Bupati ujug ujug  njenengke gunung ngisor laut sing jarene' ombone 10 km , duwure rong kilo luwih lan adohe saka Pacitan  200 Km ( arah kidul kulon).
     Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Sing aneh, Gunung sing ora iso didelok moto iku menyang Bupati dijenengke Gunung  ,, Jaga Jagad ,,
Jare Bupati ' ,, Artine ,, mengandung  doa ,  ben gununge  ora mbledok ,  menungsa ben slamet kabeh.

Jare Warseno , Iki Bupati koyo koyo ora lepas karo istilah jagad , urung suwe ale heboh Ruwat Jagat -  iki dibaleni maneh jenengke  gunung  ,, Jaga Jagad ,,

Lembaga Swadaya Masyarakat Bhineka Bangsa Pacitan ( Fery) , omong  kabeh informasi saka endi wae , ojo ditelan mentah mentah lan ojo gupuh, mesakne masyarakat Pacitan , sing bola bali kanggo obyek informasi  ,, zong,,.

Terkait penemuan Gunung bawah laut ana Pacitan , mbuh kui awu awu opo ora , mestine ora tepat nek diarani lokasine Pacitan.

Dinalar wae , saka Pacitan Gunung Jaga Jagat jare adohe jik sekitar 200 KM arah barat daya Pacitan . 
Lha nek ngono tenan, opo radius 200 km iku ijik mlebu Pacitan.

Padahal kabeh masyarakat Pacitan wis ngerti ,  jarak antara  Pacitan- Wonogiri muk puluhan kilo meter.
Jarak antara Pacitan-gunung Kidul yo muk puluhan kilo meter.

Sing meh tepat mungkin , keberadaan Gunung ngisor laut sing dijenengke bupati Pacitan  ,,Jogo Jagad ,,  iku mungkin daerah Cilacap utawa Pangandaran  Jawa Barat.

Sing dadi pitakonan Warga , opo bener BIG  ngibul..? Opo bener Bupati salah tanggap.
Misale  karepe BIG ! gunung kui enek tenan,  tapi meliputi daerah Pacitan dan sekitare, klebu jogja, kulon progo bahkan klebu daerah Pangandaran Jawa Barat.

Jare Flangker Desco  wisatawan luar negeri  omong , wong Indonesia iku suka heboh , opo ora weruh nek sak ndonyo gunung bawah laut iku jumlahe  atusan ewon..bahkan jutaan , rata rata ora aktif, ojo didramatisirlah .

 Seumpomo onok,  sopo sing kate arep menek gunung ning njero laut ..?..hi ojo mrono kui omahe Ratu Kidul Nyi Roro Kidul lan Nyi Blorong , jare Flangker guyon.
( Gustik)























Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda