TRUK NYLURUT MLEBU JURANG PENGKOLAN WORAWARI...Diduga rem blong.. - PACITANPOST

Selasa, 28 Februari 2023

TRUK NYLURUT MLEBU JURANG PENGKOLAN WORAWARI...Diduga rem blong..


Pacitan Ppos.28.02.023.
Handoko (66) sopir truk (L 9679 UM asal Boyolali mati ning nggon,  kegencet  mobil  truk'e sing disopiri ,  kondisi truk dadi peyek merga nylurut ning jurang Pengkolan Worawari JLS Tulakan.

Menurut Pihak Kepolisian Polres Pacitan Akp Yani , Truk budal saka Madiun ngangkut bata arep digawa menyang lorok Pacitan.

Sayang lagi teka tanjakan pengkolan wora wari  Tulakan Truk ora kuat nanjak , age age Handoko midak rem , munkin saking abote muatan , rem panas ndadekne blong.

Tentu wae truk sing sarat muatan iku langsung nylurut  mengisor langsung mlebu njurang sing jerone kira kira 15.
 meter.
Truk pengangkut batu bata asal Madiun nyemplung jurang pengkolan worawari Jls.

Nganti iki jam , truk urung iso dijupuk merga ning njero jurang , sementara jenazah Sopir Truk digawa nang rumah sakit Darsono Pacitan.

Enek sing weruh, begitu truk mulai nylurut nyang mburi, sopir asal Boyolali kui ketok arep metu saka cendela kabin arep nyolot, tapi wis keburu truk kejegor jurang, korban ketindihan rongsokan truk...

Kecelakaan truk nylurut merga ora kuat beban , dadi pelajaran pengguna lalu lintas liyane, yen enek truk igut igut  munggah , ojo sok ning ngisore , mending mandeg  sik, menehi kesempatan truk aman, nek ora kanten iso iso enek apese ketiban truk..( tim)



Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda