UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN MATI SURI. - PACITANPOST

Sabtu, 18 Februari 2023

UNTUNG ANA SONG TERUS, NEK ORA.. GOA TABUHAN MATI SURI.


Pacitan Ppos ,18.02.023.
Pesona Goa Tabuhan Donorojo Pacitan jaman ndisik ngidap idapi , merga urung ditemokne Goa Gong , sing keindahane ngluwihi saka Goa Tabuhan.

Alon alon  , Goa sing lekat karo sejarah perjuangan Pangeran Diponegoro iku , mati suri ora onok pengunjunge, kabeh Wisatawan fokus menyang Goa Gong, Pantai Klayar , Watukarung , Kali Maron lan obyek wisata  liyo liyane.

Wisatawan Eks Pegawai Pertamina bersyukur bisa ke Goa Tabuhan , Goa yang penuh sejarah peperangan P.Diponegoro.

Miturut  Lastri ,  pedagang oleh oleh sing mangkal ana Parkiran Goa Tabuhan omong,  yen pedagang cilik ana sekitar Goa Tabuhan ,wis sekitar 15 tahun mati suri , merga blas saben dino ora enek pengunjung.

Lastri sak konco lagi enek harapan,  bareng Musium Song Terus sing jarak'e muk 30 meter saka Goa Tabuhan dibangun pemerintah pusat , pengunjung Musium sing tergolong lumayan akeh , sok mampir ning Goa Tabuhan masiho muk sekedar tuku sovenir lan liyo liyane.

Pedagang Ronde bungah atine , ditukoni wisatawan eks Pegawai Pertamina sing kekeselan bar mlebu goa Tabuhan.

Krungu Goa Tabuhan Pacitan pirang pirang puluh tahun sepi , Nunuk Suprapti  wisatawan asal Cimahi Bandung kaget, wektu aku SMP obyek Goa Tabuhan iki rame banget , imbuh Nunuk Alumni SMPN I Pacitan tahun 1975.

Sakjane' cara pandang ndelok obyek wisata iku apik opo ora , gumantung sejarah obyek wisata iku dewe , Goa Tabuhan ora iso dipadakne Goa Gong, sebab Goa Tabuhan sejarahe Pertapan  utawa panggon kanggo ndelik..cikal bakal manusia Batu , iku muk kiro kiro lho jare wisatawan koncone Nunuk ambi guya guyu.

Ibu ibu istri Eks Pegawai Pertamina , gumun ndelo keindahan Goa Gong , sedilit sedilit potho...sedilit sedilit potho..

Momen Hari Jadi Pacitan 278 , sing diperingati saben tanggal 19 Pebruari ,  klebu acara sing iso narik wisatawan menyang Pacitan.

Contone Wisatawan Eks  Pegawai Pertamina , omong yen teka Pacitan ora muk sekedar ndelok obyek wisata, tapi uga  arep ngamati budaya lokal Kabupaten Pacitan , uga pingin  weruh kondisi Warga sekitar obyek wisata .

Jare Samuri  ( bojone Nunuk)  omong, aku melu seneng lan bersyukur , saiki kehidupan penduduk Klayar... meh kabeh duwe mobil pribadi, padahal  15 tahun kepungkur , kondisi ekonomi dibawah Standar....( Gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda