DPRD : TAWAR MENAWAR KADER.. MULAI UMYEK..KADER DEMOKRAT PALING DIMINATI... - PACITANPOST

Rabu, 01 Maret 2023

DPRD : TAWAR MENAWAR KADER.. MULAI UMYEK..KADER DEMOKRAT PALING DIMINATI...


Pacitan Ppos 28.02.023.
Sistim Pilihan Anggota Dewan tahun 2024 urung enek kabar , Proporsional Terbuka opo tertutup.

Ananging nada nada  systim Tertutup mulai ketok lan rame dijagong ana gedung Dewan sak Indonesia ( klebu Pacitan).

Pantauan Media , Tokoh tokoh DPRD Pacitan  sing saiki lungguh ana Gedung Dewan wis mulai usrek , masiha seolah guyon , Wakil Wakil saka PKB.PKS.Gerindra Nasdem,Hanura lan PPP wis mulai ngiming imingi nomer urut partaine dewe dewe.

Repote'.... , sing diiming imingi kon pindah partai ,  yo kui kader kader Demokrat lan Golkar sing diperkirakne  bakal ora entuk nomer dadi.

Masiha suasanane,  ambi guyon cekakak'an koyo ning Pasar Pon, tapi ketok jelas !  sebagian anggota Dewan wajahe  mulai nglangut lan panik..

Rudi Hartoyo ngobrol bareng karo Ketua Fraksi Partai Demokrat Arif Setyo Budi.

Kader Partai Hanura , Nasdem,Gerindra lan PKS ana gedung Dewan sing paling antusias wira wiri , ngrayu kancane anggota Dewan saka Partai Demokrat lan Golkar .

Miturut Rudi Hartoyo , suasa batin konco konco Dewan sing jik lungguh  ,  utamane konco konco Demokrat,  lan Golkar  rada bingung iku hal wajar, merga systim pilihan ,, terbuka po tertutup,, nganti seprene urung pati jelas .

Ompomo sido  nganggo Proporsional tertutup ,  iki pancen momen sing paling tepat nggo ngrayu konco konco ben gelem pindah partai , jare rudi ambi gligak gligik..

Sementara Sediono saka Gerndra , ora kalah ale wira wiri nawarke no urut siji menyang kader partai liyo, wis to sesuk sistime Tertutup , ayo gek meluo aku wae..nyalon lewat Gerindra , ucap Diono serius.

Hariawan Anggota Dewan saka Nasdem , sing biasane renyah ngobrol bab pemilu, dina  iku ora pati gelem melu guyon. 
Usut punya usut , Hariawan dina kui lagi lara untu, sory mas aku no coment , ungkapnya.

Arif Setyo Budi, tokoh Muda sekaligus Sekretaris DPC Partai Demokrat Pacitan ngaku  ora pati kawatir, bah kui Terbuka opo tertutup , Partai Demokrat tetep solid, PD duwe puluhan Kader Potensial sing iso nambah suara , ora terlalu gusar aku..., Ucapnya.

Perlu dimangerteni , nganti seprene urung enek trontong trontonge' Pileg tahun 2024 terbuka opo tertutup , Surat Putusan MK isih urung  enek mas , jare Ketua KPUD Pacitan , via telpon..( gustik)






Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda