KAGET : RADAR SILUMAN.. DIBANGUN Ana PACITAN. - PACITANPOST

Senin, 13 Maret 2023

KAGET : RADAR SILUMAN.. DIBANGUN Ana PACITAN.


Pacitan Ppos.13.03.023.
Krungu kabar ,  enek Bangunan Modern sing dibangun ning njero alas Gesingan, Wartawan Media iki langsung brubut otw lokasi.

Dituntun geogle Map, awak media digawa liwat dhalan kampung  Gesingan , samping Tugu Tumpak Rinjing  mengidul kira kira 3 Km .
Kondisi dalan , cor 500 meter ,  makadam 1.500 meter  sisane dalan lemah kondisi rusak.

Wartawan Pacitan Post foto di samping gedung utama Komplek Radar Pengintai Laut Pacitan.

Bareng  geogle Map omong ,, Lokasi Tujuan Anda telah sampai ,, aku kaget banget lan  buru buru medun langsung ngeyup ning samping Gedung  Megah ana dusun Gesingan iku.

Masia bangunan ora terlalu gede , tapi bentuk lan kontruksi bangunan cukup megah kanggo ukuran bangunan ana tengah  ,, ara ara ,, 

 sisi kiri  komplek Bangunan Stasiun Radar Pengintai Laut milik Kemenhamkam RI.

Miturut Kades Ndadapan Ismono, Bangunan iki klebu komplek ana area lapangan tembak Gesingan milik lanud Iswahyudi Madiun .

Detail'e aku ora pati weruh, tapi sing pasti iki bangunan  gunane kanggo operasekne  Radar Pengintai Laut Lepas Pacitan , engko nek bangunane wis ( dadi)  Radar wis di pasang, dipastikan ora entuk sembarang wong iso mlebu.

Bangunan Radar Pengintai dibatasi pagar berduri agar tidak sembarang orang lalu lalang disekitar komplek Radar.

Lapangan Tembak  Gesingan Dadapan , secara umum wong Pacitan Kota wis pada weruh , yo kui tempat  milik TNI sing gunane nggo latihan Prajurit nangani berbagai jenis senjata.

Komplek Lapangan tembak Gesingan Dadapan , kejaba nggo latihan Prajurit TNI uga berfungsi kanggo musnahne Bom sing wis kedaluwarsa , mulo nek enek suara ..bum...bum..bum...kui ora mesti wong latihan ..tapi musnahne Bom sing wis kedaluwarsa..,pungkas Ismono...( Gustik)











Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda