MASIHA BUPATI ORA TEKA - CARNAVAL SEMPERO TETEP SEMARAK... - PACITANPOST

Selasa, 07 Maret 2023

MASIHA BUPATI ORA TEKA - CARNAVAL SEMPERO TETEP SEMARAK...


Pacitan Ppos 07.03.023.
Masiha Bupati Pacitan  Indrata Nur Bayu Aji diundang ora teka , Carnaval Budaya Nusantara sing digelar SMP 2 Pacitan tetep semarak lan sukses.

Didukung Cuaca terang benderang , siswa siswi SMP 2 Pacitan nampilke  meh kabeh kesenian Nusantara , egal egol mlaku  ngubengi alun alun , Pendopo , Lokrap ngidul bali menyang Sekolahan.

Carnaval Budaya Nusantara Dalam Rangka Ulang Tahun SMP 2 Pacitan.

Miturut Kepala Sekolah SMP 2 Hery Praptono MPd. Carnaval Budaya Nusantara digelar dalam rangka ulang tahun SMP 2  dina iki.

Maksud lan tujuan Carnaval digelar, kanggo memupuk rasa cinta Siswa anane Budaya Nusantara , alhamdulillah kreasi siswa didampingi  wali kelas cukup sukses lan entuk apresiasi Warga Pacitan sing ndelok Carnaval maeng esuk, tegas Heri.
Sekretaris Daerah Pacitan Heru Wiwoho didampingi Kadik  Pacitan Ir.Buddiyanto makili Bupati Pacitan Indrata NBA.

Sementara Sekretaris Daerah Pacitan Heru Wiwoho sing kejibah makili Bupati Pacitan ngendika ,  yen Pak Bupati titip salam marang siswa siswi  lan keluarga besar SMP 2 Pacitan sing dina iki ngenekne ulang tahun , Bupati njaluk ngapura merga bebarengan Tugas dinas ana Malang.

Pelepasan Carnaval Massal SMP 2 , dilepas Sekda Pacitan  sekitar jam 8.30 wib , sorak sorai penonton mujudne acara Carnaval Budaya Nusantara sukses ...

Perlu dimangerteni , SMP 2 Pacitan sing ndisik jenenge SMEP ( Sekolah Menengah Ekonomi Pertama) klebu sekolah sing tingkat kemajuane pesat lan klebu Sekolah bergensi ana Pacitan , sayang lahan SMP 2 Pacitan  kawit jaman kawak udo ora enek penambahan , dadi ketok rumpek jejel uwel  merga lahane sempit.

Anggota DPRD Pacitan Rudi Hartoyo lan Sediono , mendorong Kepala dinas Pendidikan Pacitan egoh menyang Bupati terkait penambahan lahan , usulku Kantor Kesbangpol kidul SMP2 lahan sing paling tepat dihibahne SMP2 , tegas Rudi Hartoyo...( Gustik)

siswa Siswi SMP 2 Pacitan tetep semangat mengikuti Carnaval Budaya Nusantara.

Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda