Lukisan tari tayub legenda Jawa.
Pacitan Ppos, 07.03.023.
Tari Tayub asale saka tradisi Jawa Kuna , utamane Jawa Timur / Singosari.
Kata Tayub enek rong Versi :
1.
Ta.. artine di Tata / diatur .
Yub.. artine Guyub/ rukun.
( diatur agar guyub rukun)
Versi 1 :
Gambarake tarian tayub kanggo mengeti saben saben panen pari masyarakat jawa kuno ( egal egol lanang wedok gambarake kesuburan ) ,maksud'e kesuburan pari mulo iso dipanen.
Versi 2.
Tayub artine Sayub / mambu.
Umpomo dipermentasikan dadi candu utawa ciu..misale Tape , Ketan lan liyo liyane.
Mulo digambarake saben tarian tayub mesti enek ciu jawa / Candu,sebagai bentuk pesta pora ngombe candu/ciu.
Miturut kamus Bausastra Jawa karangan Prawira Atmaja : Tarian Tayub artine Bersenang senang karo ledek, penari utawa ronggeng.
Tradisi Tayub awale saka Kerajaan Singosari Zaman Tunggul Ametung.
Megal megol antarane wong lanang lan wong wedok sing susune disubal gombal ben kethok njembul.
Merga susune ledek / penari wedok kethok njembul , pengibing/penari lanang mripate soyo blalak'an merga pengaruh omben ciu.
Seiring perkembangan Politik , Majapahit ditaklukne Kerajaan Demak sing nota bene Kerajaan Islam , Tradisi Tayub dibubarne merga dianggep maksiat.
Ananging Pangeran Samber Nyawa ( Mangkunegara l nglestarek ake Tarian Tayub ananging dimodiv mulai saka gerak lan perilaku penari tayub.
Tayub difungsekne dadi tarian massal kerajaan / darah biru kanggo jumenengan sinuhun Raja lan penyambutan tamu Agung.
Ananging gandeng pemberantasan Tarian budaya tayub Saka Kerajaan Demak ora tuntas , Nganti seprene Sebagian daerah ijik ngenekne tarian Tayub Versi Mojopahit.
Megal megol adu bokong / pinggul , cangkeme penayub lanang mambu ciu , matane mleleng ndelok susu njembul disubal gombal , geden gedenan saweran sing ditlesepne ana kutange sinden.
Mulo nek mulih tayub merga pengaruh ciu utawa pengaruh ledek ganjen , akeh akeh teko omah mesti geger karo bojone dewe dewe.
Ora mung geger rumah tangga, mati konyol ning ndalan pun uga akeh.
Contoh kedadean sing anyar ana wilayah Sudimoro , Diduga gara gara pengaruh omben ciu , Ale nyopir kendaraan jib ora imbang antara sikil lan pikiran, mak sliut oling langsung njegur jurang, korban penayub loro mati konyol...( Tulisan ini produksi Redaksi media ini untuk pengatahuan tentang Tari Tayub yang diambil dari Kamus Bausastra Karya Prawira Atmaja )