CAH NANGGUNGAN GUGUR DITEMBAK KKB ..BAHAYA ..THAS.. THES..TNI KALONG BOKO SIJI.. - PACITANPOST

Minggu, 16 April 2023

CAH NANGGUNGAN GUGUR DITEMBAK KKB ..BAHAYA ..THAS.. THES..TNI KALONG BOKO SIJI..


Pacitan 15.04.023.
Pratu  Miftahul Arifin  (25) asal dusun Krajan Desa Nanggunan Pacitan dipastikan gugur ditembak KKB Papua.

Informasi sing ditampa Media , Pratu Miftahul Arifin gugur dalam rangka golek'i pilot Susi Air  sing disandra KKB rong sasi kepungkur.
.
Pratu  Miftahul Arifin Asli Desa Nanggungan gugur di tembak KKB di Nduga Papua Pegunungan.

Kronologi penyerangan , sekitar jam 16 .30 WIT Korban Pratu Miftahul Arifin piket ana Markas TNI Mugi Mam Nduga Papua . Ujug ujug Kekompok KKB teka ning Markas l TNI angsung mbrondong senjata membabi buta.
Akibate 6 prajurit gugur seketika , sedang kira kira  21 prajurit liyane urung ngerti nasibe , mbuh mati - mbuh urip.

Dandim 0801 Pacitan Let Kol Inf Roliyanto dan istri takziah ke Rumah Duka Alm Pratu Miftahul Arifin di Dusun Krajan Nanggungan Pacitan.

Nganti dina iki , Urung enek kepastian, kapan jenazah Miftahul isa dikubur ana desa Nanggungan, miturut Dandim Pacitan Let Kol Roliyanto, jenazah ijik dievakuasi saka markas , dadi urus iso dipastekne kapan tekane, jare Dandim.

Perlu dimangerteni Putra mbarep pasangan Agus Susanto -Parmini warga dusun Krajan Kidul Desa Nanggungan , gugur ninggalake bojo lan anak bayi .
Bojone kerja sebagai guru  SD ( status) Honorer.

Terkait informasi Alm Pratu Miftahul Arifin ditembak KKB nganti njungkel ning jurang sing jerone  15 meter dipastikan isih simpamg siur , sebab enek sing omong anggota  Yonif R 321/GT Kostrad  iku ditembak bareng  prajurit liyane ( sekitar ) wong 30 dlm posisi ana Markas.
Malah sing 21 prajurit, nganti seprene urung ngerti nasibe urip po mati.

Gugure anggota TNI asal Nanggungan, ndadekne prihatin warga lingkungan,  utamane lingkungan Tawang .
Rudi Hartoyo  , Anggota DPRD Pacitan, njaluk marang Korp TNI menjamin kesejahteraan Istri ( Wakhidia Nur Azizah ) lan anak almarhum sing isih bayi , syukur yen anake  suk yen wis gede iso mlebu TNI, tambah Rudi. ( Gustik)

Rudi Hartoyo njaluk marang TNI ,  njamin Kesejahteraan anak bojone alm Pratu Miftahul Arifin sing gugur dipateni KKB ana Nduga Papua Pegunungan.













Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda