LINTAH DARAT JAMUR SEPANJANG DHALAN ..SAKA TANJUNG NGANTI BAPANGAN.. - PACITANPOST

Senin, 17 April 2023

LINTAH DARAT JAMUR SEPANJANG DHALAN ..SAKA TANJUNG NGANTI BAPANGAN..



Pacitan Ppos , 18.04.023.
Saben saben arep lebaran , sak dawane dhalan gede ' ana Pacitan , kebak lintah darat dadak'an  sing nyrangap arep golek mangsa.

Biasane ..'..wong si diuntal Lintah darat,  wong sing ijol duit anyar kanggo keperluan angpo ( sangu cah cilik ) saat lebaran.

Ora tanggung tanggung ,, bunga ,, sing dipasang saka ijol duit ana pinggir dhalan , berkisar 10 -  25 persen.

Miturut Djoko ( NS)  lintah darat saka Solo ,, omong ,, terpaksa pasang bunga duwur ,  merga  big bos ale pasang yo duwur berkisar 10 persen.

Joko buka lapak ana Pacitan wis sekitar rong minggu kepungkur , tarip bunga ijik sekitar 10 %  , ananging iki wis mundak 15 % , Hari H-1 Joko rencana pasang Maksimal 20 % , aku ra pernah pasang sak nduwure  20 % mas ,tegas Joko

Gandeng angpo lebaran ,, penting,, kanggone adat lebaran , akeh wong sing pasrah diencup lintah darat , masiho bunga gede banget, la piye mas arep tukar ning bank yo cegeh antrine, jare Lastri asal Tulakan.

Perlu di mangerteni , miturut aturan agama utamane  (Islam ) praktek penerapan bunga sing ngluwihi bates normal , klebu perbuatan riba sing dilarang agama.

Merga  praktek Riba klebu perbuatan dosa,  diharapkan masyarakat ngati ati , ora sah tukar duit sing bungane nekak gulu.

Ustad Samsuri menehi Solusi ,timbang kedosan gede , wong Islam kudu tetep ijol ning Bank , ijol ning bakul pasar lan liyo liyone.

Samsuri uga berharap , Lintah Darat sing praktek ugal ugalan ana pinggir pinggir dhalan kota Pacitan ,  kudu ditertibke'  pihak berwajib , ben ojo tuman tegas H.Samsuri..( gustik)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda