NEMBAK CELENG MATI KEJEGUR SUMUR. - PACITANPOST

Rabu, 12 April 2023

NEMBAK CELENG MATI KEJEGUR SUMUR.


Pacitan Ppos.12.04.024.
Prasusilo (40 ) asal dusun Ploso Desa Klepu Kecamatan Donorojo  ditemokne warga ,, glogap glagep ,,  ana njero sumur warga Desa Sendang Donorojo.

Miturut saksi Poniran , dino selasa ( 11/04) sekitar jam 19.30 wib / bar shalat taraweh , saksi Poniran,Widodo lan  korban Prasusilo budal berburu ana alas sekitar desa Sendang Kecamatan Donorojo Pacitan.

Kewan sing diburu , target utama Celeng ( babi hutan) , sing saben wengi  pada gembrudug ngrusak tanduran ana sekitar desa Sendang lan sekitare.

Kocapo!
Bareng  ketok thingil thingil kewan buronane ( celeng) Prasusilo age age ngokang bedil lan Door celenge kenek . Tapi diperkirakan , masiha  wis kebedil celenge ijik urip mloya mlayu mrono mrene.

Mungkin Prasusilo wedi celenge ndlusup ning endi endi , korban age age mlayu nututi obahe celeng , sayang   diduga ora apal medan,  Prasetyo kejegur Sumur sing jerone 5 meter.

Krungu koyo wong kejegur banyu , Poniran buru buru  uripke sentolope  lan ngarahke  menyang sumur sing ora pati adoh saka ale ngadeg poniran.

Bareng diendangi tenan, Prasusilo wis kadung glogap glagep ana njero sumur , merga saking panik'e Poniran beluk beluk Widodo  lan warga sekitar .

Sayang merga rada kesuwen ora gek entuk pitulungan , Prasusilo dinyatakan meninggal dunia.
Warga sing ora gelem ditulis jennge, pancen ngakoni rada kesuwen nulungi merga kondisine tengah wengi tur kondisine peteng ndedet.

Enek wong bengok bengok , warga kaget enek sing golek tali ,enek sing golek ondo, enek sing lapor perangkat, wis pokok ipun sami gugup, tapi alhamdulillah jenazah korban iso diangkat ana njero sumur sekitar jam 22.00 wib.

Korban diserahne pihak berwajib marang perangkat desa Sendang kanggo pengusutan lebih lanjut.
Nganti berita iki ditulis, info lanjutan terkait wong kecemplung sumur ijik urung dirilis saka Polsek Donorojo..
( Rangga/tim)


Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda