OMAH KOST SHORT TIME NJAMUR ANA PACITAN PERJAM 20.000 - PACITANPOST

Jumat, 14 April 2023

OMAH KOST SHORT TIME NJAMUR ANA PACITAN PERJAM 20.000


Pacitan Ppos 14.04.023.
Sejatine isu omah esek esek  mulai jamur ana Pacitan wis suwi , rata rata kamar kos dibandrol Rp.20.000 perjam.

Miturut pantauan media , pelanggan sewa omah kost esek esek , rata rata pegawai swasta , mulai saka loper , pedagang luar kota , pegawai dealer motor lan profesi liyo liyane.

Pasangan wedok'e , sing akeh randa kempling , pasangan selingkuh , siji loro pelajar lan mahasiswa.

Sementara desa sing jawara (paling okeh) omah kost lan hotel esek esek , Kelurahan Ploso , Kekurahan Baleharjo , Kelurahan Sidoharjo , Arjowinangun Tanjungsari lan Menadi konon uga ana..

Sing lucu  omah kost esek esek ana desa Menadi ,  Tim penelusur Media justru dituntun pelajar SMP , Niki le pak griyane sing dipun damel na..no..na..no...sayang wartawan urung iso mestekne bener opo ora info pelajar sing nuntun media.

Perlu dimangerteni , iki dina mucikari wong wedok nakal ( PSK) dicandak Polisi Polres Pacitan ,SW 25 mucikari Wedok lan WD 35 Mucikari lanang, pasangan mucikari sing isih enom iku  dicandak polisi ana Kelurahan Ploso.

Miturut Kapolres Pacitan AKBP Wildan, barang  Mucikari sing disitah polisi arupa Hp , duit lan barang bukti liyane, klebu motor sing dienggo antar jemput PSK.

Sing Paling memprihatinkan ,  ternyata omah kost esek esek disewa ( short time) ora mung wong dewasa, pelajar lan Mahasiswa yo klebu akeh sing nyewa omah kost esek esek.

Terkait hotel lan omah esek esek Pacitan song soyo suwe soyo akeh  ( bak jamur musim rendeng ) diduga akibat pengawasan Perangkat Desa sing lemah , bahkan enek indikasi akeh perangkat lan kepala desa sing disogok..

Terkait Kota Pacitan sing perilaku wargane mulai berubah ke arah budaya bebas , Ketua LSM Bhineka Bangsa Pacitan Mashudi  njaluk marang Bupati Pacitan , mewaspadai semakin banyaknya tempat prostisusi ana Pacitan, nek perlu disikat kabeh, utamane sing nyalahne peruntukan ijin....( Tim)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda