Pacitan Ppos.01.06.023.
Duet Aji-Gagarin sebagai Pasangan Bupati lan Wakil Bupati Pacitan diapresiasi warga Pacitan.
Apresias warga Pacitan menyang Pasangan Bupati lan Wakil Bupati , utamane bab keluhan warga sing cepet cepet direspon , koyo bab Penggratisan mlebu obyek wisata Pancer Door.
Lewat saluran hukum sing enek. Perda Pembebasan tiket mlebu pancer door gratis tapi parkir bayar, resmi diperdakan DPRD Pacitan mambengi.
Saking emosine warga, merga mlebu tiket pancer door gratis ,Bupati /Wakil Bupati Pacitan Aji-Gagarin disanjung sanjung sak duwure langit .
Miturut Heffi Selvya Martin, Pemkab Pacitan wis wektune ngrungokne keluhane warga , mosok arep tuku iwak mateng ning Teleng Ria wae kudu bayar tiket 10.000 sik , mulo saiki bareng pancer door gratis Alhamdulillah , matur nuwun mas aji , pak gagarin lan sedaya dewan , jare guru SD Mendo Kidul Punung iki saking senenge.
Hepi nambah ake lan usul , pedagang pedagang iwak mateng , sing dodol ana Komplek Teleng Ria timbang ora payu , mbok direlokasi ning pancer door,ujarnya
Sanjungan menyang Bupati lan Wakil Bupati uga disuarakne Ferri Ardiansyah , tokoh Notariat lan Sekjen LSM Bhineka Bangsa Pacitan , Apresiasi anane Hak Rakyat terpenuhi.
Alhamdulillah , arep jajan , arep mlaku mlaku ning taman , arep joging, arep tuku iwak, arep ndelok laut lepas, arep shalat ning mejid apung saiki wis iso, Salut kagem mas Aji lan pak Gagarin , tegas Ferry.
Perlu dimangerteni, mambengi (31/05)Dewan Pacitan netapne Raperda Pajak lan Retribusi dadi Perda , Paripurna DPRD Pacitan mutlak disetujoni kabeh Fraksi DPRD Pacitan..( gustik)