PASAR ARJOSARI KOBONG 14 KIOS LUDES KRUNGU KOYO SUARA BOM PING 7. - PACITANPOST

Minggu, 28 Mei 2023

PASAR ARJOSARI KOBONG 14 KIOS LUDES KRUNGU KOYO SUARA BOM PING 7.


Pacitan Ppos 28.05.023.
Pasar Induk Arjosari ujug ujug kobong, 14 kios dipastikan ludes  , diduga asale geni saka kabel sing mlecet, tapi uga enek sing omong saka Tabung gas sing.. ng`es`es...

Informasi saka Kades Arjosari Sutomo, Pasar kobong sekitar arep magrib ( 17.30) diduga geni kios sembako / Gas , mrembet kios liyane.

Saksi mata Nur Sigit Effendi , awale warga kaget enek suara bum bum disusul geni molat molat saka kios deretan no 2 saka etan.

Warga ngujug geni karo banyu tapi malah mobal.

Nur Sigit lan konco konco lingkungan pasar , bahu membahu berusaha mateni geni sing asale saka kios sembako , disiram banyu karo ember, ternyata ora malah mati tapi mlh mobal mobal , jare Tokoh Arjosari sing uga ketua Hanura Pacitan 

Alhamdulillah , berkat gotong royong warga Arjosari ,TNI lan Polri komoditi / barang  dagangan  kios liyane iso disingkrih singkrihne ben ora melu kobong..kiro kiro  rong jam, geni wis iso dipateni , untung 3 unit Damkar teka ora terlambat jare Nur Sigit..! ( Gustik,)









Bagikan artikel ini

Silakan tulis komentar Anda